Crita Wayang Mahabharata (Bima Bungkus)
WAYANG
1. Pangerten Wayang:
- Wayang dumadi saka tembung lingga "yang/ hyang" oleh ater- ater wa-. Tegese roh kang bisa agawe beja cilakane manungsa.
- Wayang iku wewayangan utawa gegambaran watak lan jiwane manungsa.
2. Asal Usul Wayang :
- Wayang punika pagelaran nganggo boneka kang umume katon endah ing wewayangane lan dilakokake dening dhalang kanthi iringan gamelan.
Miturut para pakar, wayang wis ana wiwit zaman 1500 tahun SM, adoh sadurunge agama lan budaya manca tekan menyang Indonesia. Wujude isih prasaja, saya suwe bisa adhaptasi karo unsur-unsur liya saingga wujude kaya sing saiki iki. Wayang saiki wujude beda karo wayang zaman biyen. Keaslian wayang kang asli saka Indonesia bisa ditelusuri saka pangocapan basa Jawa asli kayata wayang, kelir, blencong, kepyak, dhalang, kotak dan liya-liyane. Dene ceritane saka petualangan lan pengalaman nenek moyang. Agama Hindu lan Buddha saka India mlebu menyang Indonesia ing sekitar abad kapisan Masehi. Kaloron agama iki gedhe pengaruhe tumrap perkembangane wayang kanthi nganggo cerita saka kitab Ramayana dan Mahabarata kang luwih aos. Sasuwene abad X nganti XV, wayang ngrembaka kanggo ritual agama lan pendidikan marang masyarakat. Ing jaman iki wis katulis saperangan cerita ngenani wayang.
Ngenani asal-asul wayang miturut
para pakar pewayangan ing antarane ; Dr. Cohen Stuart, Prof. Kerns, drs.
Soeroto, KGA Kusumodilogo, Ir Sri Mulyono, Dr.G.A.J.Hazeu, Dr. W. Rassers, bisa
disimpulake dene :
a.
Wayang iku
asale saka India utawa kena pengaruh pagelaran Tonil India Purba sing kasebut
chayanataka (tontonan ayang-ayang)
b.
Wayang iku
asale saka ciptaan Jawa asli.
3. Wujude Wayang :
Wujude
wayang arupa boneka sing miturut dhimensine (arah paningal) ana 2 cacahe yaiku
:
b.
Wujud 3
dhimensi, lumrah digawe saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang
maneka warna adhedhasar karakter wayang kasebut.
Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawe wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngene iki ora ngrembaka.
Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawe wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngene iki ora ngrembaka.
4. Jinis-Jinise Wayang :
a.
Wayang Beber yaiku wayang kang digawe saka
kain utawa kulit lembu kang awujud bèbèran (lembaran). Wayang iki asalè saka
Pacitan lan Gunung Kidul
b.
.Wayang Kulit digawé saka kulit kang
ditatah lan diéntha kaya déné manungsa
c.
Wayang klithik (Krucil) yaiku
wayang kang digawè saka kayu, kang wujudè padha karo wayang kulit. Crita kang
kerep ditanggapkè yaiku nyaritakakè Damarwulan lan Majapahit
d.
Wayang Golèk (tengul). Wayang iki
digawè saka kayu lan diklabèni kayata manungsa. Sumbering crita kajupuk saka
Sejarah kayata crita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya,
lsp. Cerita wayang Mahabharata (Bima Bungkus)iki uga bisa kajupuk saka dongéng
nègara Arab.
e.
Wayang
Gedhog:Wayang iki wujudè mèh padha karo wayang kulit. Kang digawè kurang luwih
taun 1400-an. Sumbèring crita saka crita raja
ing Jawa, antaranè Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lsp. Wayang iki
mung bisa ditemokakè ana musèum.
f. Wayang Menak yaiku wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong. Critanè yaiku babagan dakwah Islam kayata: Wong Agung Jayengrana, Imaryana, lan Umarmadi.
g. Wayang Kancil: Wayang iki uga diarai ''wayang Dupara''. Wayang sing digawe saka lulang. Crita serine Kancil.
h.
Wayang Wahyu : uga kasebut ''wayang bibel''
iki diciptaakè dèning Bruder Tèmothèos kanggo nyiarakè agama Kristen.
i.
Wayang
Jemblung : sawijining bentuk kesenian teater tradisional saka tlatah Banyumas.
Bentuke wayang iki kaya pagelaran wayang, nanging dimainake dening sawijining
dhalang kang ngrangkep dadi wayang, gamelan, pangrawit, lan waranggana
(vokalis).
Wayang Wong : wayang kang diparagakè wong kang ana gerakan tarinè. Sumbering crita saka Ramayana lan Mahabarata
k. Wayang Suluh
Generasi Baru
Angkatan Muda RI kang kagabung Badan Konggres Pemuda RI di Madiun tahun 1947
nggawe wayang suluh . Fungsi pokok wayang iki kanggo penerangan
(penyuluhan). Tokohtokohe :Bung Karno, Bung Hatta, Sutan Syahrir, tokoh-tokoh
Belanda., Jep[ang, tentara Gurka lan tentara Pelajar .
5. Unsur-Unsur Pembangun Cerita wayang Mahabharata (Bima Bungkus):
Ø Unsur
Intrinsik : unsur-unsur sing kawangun saka jerone carita
iku, kayata :
1) Tema
(punjere crita) yaiku ide kang dadi intine carita
2) .Alur (plot)
yaiku urutaning prastawa ing sajrone carita. Jinise alur : maju, mundur, maju
mundur
3) Watak
wantune paraga (penokohan) yaiku : watak wantun kang diduweni saben paraga.
(bleger, pocapan, polah tingkah)
4) Busananing
Basa (gaya bahasa) yaiku carane pangripta milih isining carita.
5) Pamawase
pangripta (sudut pandang) : sudut pandang kang digawe pripta kanggo ndeleng
sawijining kadadeyan sajroning carita
6) Latar
(setting) : katrangan kang nuduhake panggonan, wayah, swasana carita
Ø Unsur
Ekstrinsik : unsur-unsur sing kawangun saka
jabaning carita iku, kayata :
1)
Latar Belakang
carita (karya) diciptakake, yaiku kapan crita mau ditulis
2)
Kahanan
masyarakat nalika carita ditulis
3)
Latar Belakang
utawa kahanan pangripta, lsp
6. Pitutur Luhur
Pitutur
mujudake wejangan kang dhuwe tujuwan ngowahi lelakune wong urip.
Sarana pitutur
kang adiluhung menehi ruh awujud semangat, ngupaya, greget
7. Sinopsis
yaiku
ringkesan sawijining crita kanthi tetep migateake unsur-unsur intrinsik
sawijining crita
8.
Carane gawe sinopsis:
a. Maca
naskah asli kanggo nggolek gagas umume penulis.
b. Nyatet gagasan utama kang penting.
c. Ngrantam maneh gagasan utama dadi paragrap.
d. Dialog
lan monolog cukup ditulis isi utawa garis utamane.
e. Sinopsis
ora kena owah saka lakune crita asli
9.
KANG DIBUTUHAKE NALIKA NGGAWE
SINOPSIS
a. Nentoake
tema kang isine babagan gagasan baku saka crita kasebut.
b. Alur
utawa jalane crita ana ngendi papan lan waktu kadadeyane crita
c. Paraga
lan watak watake.
10. Pigunane
synopsis
a. kanggo
menehi gegambaran ringkas lan isi crita
b. kanggo
menehi gegambaran kanthi cepet ngenani isi crita
c. kanggo
bebuka (prolog) utawa epilog saka cerita
d. kanggo
gegambaran kanthi sederhana babagan urutaning cerita
11. CIRI
CIRI SINOPSIS
a. Alur utawa dalane
crita disusun kanthi
runtut miturut alur kang ana ing crita.
b. Basa kang digunaake basa persuasif yaiku ajakan
lan mbujuk supaya calon pamaos pingin maca
crita / iso narik kawigaten calon pamaca.
c. Nampilake
konflik kanthi ringkes
d. Gawe penasaran calon pamaos.
Bima Bungkus(Werkudara)
Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu
Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan
ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah
bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaaken si bungkus. Wisiking
dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana..
Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat punakawan.
“Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…”
Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon.
“Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…”
Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah, samodra asat.
Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus.
adanya bungkus menjdikan gegernya suralaya. bumi gonjang ganjing seperti dibelah. lautan menjadi kering.
Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku Pancanaka.
Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan daya kekiatanipun manjing jroning angga sang bungkus.
Praptene Betara Narada.
Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sopoh?”
“Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra nomor loro ratu ing Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira kudu dadi satriya utama…, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”
Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena kinen nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan Kala Ranu. Para raseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.
Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat punakawan.
“Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…”
Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon.
“Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…”
Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah, samodra asat.
Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus.
adanya bungkus menjdikan gegernya suralaya. bumi gonjang ganjing seperti dibelah. lautan menjadi kering.
Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku Pancanaka.
Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan daya kekiatanipun manjing jroning angga sang bungkus.
Praptene Betara Narada.
Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sopoh?”
“Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra nomor loro ratu ing Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira kudu dadi satriya utama…, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”
Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena kinen nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan Kala Ranu. Para raseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.
Kompetensi
Dasar :
3.2 Memahami isi teks crita Mahabharata
(Bima Bungkus
4.2 Menulis sinopsis teks cerita Mahabharata (Bima
Bungkus) dan menyajikannya.
SOAL A
Pilihen
salah siji wangsulan kang bener, kanthi cara menehi tandha ( ) ing aksara
a, b, c, d utawa e kang kok anggep bener ana
ing lembar jawab komputer!
1.
Wayang purwa utawa wayang kulit kagawes aka ....
a.
rontal
b.
kayu
c.
lulang
d.
godhong
e.
dluwang
2.
Crita kang dilakonake dijupuk saka epos Mahabharata lan Ramayana ..............
a. wayang menak
b. wayang wahyu
c.
wayang beber
d. wayang purwa
e.
wayang jemblung
3.
Paraga
sing nyengkuyung pagelaran wayang purwa kaya ing ngisor iki, kajaba ....
a. dhalang
b. wiraswara
c.
pangarwit
d. sindhen
e.
paniti
4.
Wayang kang critanè babagan dakwah Islam kayata: Wong Agung Jayengrana, Imaryana, lan
Umarmadi sinebut ............
a. wayang menak
b. wayang wahyu
c.
wayang beber
d. wayang purwa
e.
wayang jemblung
5. Gambar ing ngisor iki kang aran bima
yaiku.......
a. b
a. b
7. Kang kalebu Unsur Ekstrinsi kayata ing
ngisor iki, kajaba...............................
a.
Riwayat (biografi) pangripta
b.
Latar Belakang carita (karya) ditulis
c.
Kahanan masyarakat nalika carita
ditulis
d.
Latar utawa papan kadadeane carita
e.
Latar Belakang utawa kahanan
pangripta
8. Nalika ngrungokake cerita wayang kulit Mahabharata ing radhio, saben arep
ganti adegan mesthi kawiwitan suluk lan janturan kang nyritakake papan
panggonan. Mula saka iku pamireng isa ngreteni babagan
....
a. tokoh
b. alur
c.
watak tokoh
d. pesen/amanat
e.
latar
9. Sasuwene ngrungokake cerita wayang Mahabharata ing radhio utawa CD, nalika
ngancik pathet sanga, satriya kang sesirih ana ing satengahe alas sabubare
rampung mesthi bandayuda karo rata denawa (buta, umume Cakil lan wadyabalane).
Pitutur kang kamot ing lelakon iku yaiku ....
a.
satriya kudu wani
perang
b.
wong kang bakal mulya gedhe pacobane
c.
ing alas iku panggonane bebaya
d.
buta duwe watak seneng angganggu gawe
e.
aja seneng mapan
ing papan sepi
10. Ing cerita wayang Mahabharata Bharatayuda Jayabinangun, prang antarane
Pandawa lan Kurawa iku tundhone dimenangake dening Pandawa. Prang iki mapan ing
a. Hasinapura
b. Kurukshetra
a. Mandaraka
b. Gandara
c.
Suwala
11.
Ing cerita wayang Mahabharata Bharatayuda Jayabinangun,
prang antarane Pandawa lan Kurawa iku tundhone dimenangake dening Pandawa.
Sanajan cacahe mung lima, Pandawa isa ngasorake Kurawa kang cacah satus. Wis
kaloka ing jagad Pandawa iku pralambang tindak utama, dene Kurawa iku pangawak
kadurakan, mula ora mokal yen Pandawa iku menang ing yuda. Pitutur kang kamot sajronng crita iku yen diparibasakake
yaiku ....
a. ing ngarsa sung tuladha
b. teteken tekun bakal ketekan
c.
titah tan kuwawa
mbengkas pesthining Gusti
d. rawe-rawe rantas, malang-malang putung
e.
becik ketitik ala
ketara
12.
Ing crita wayang Bima Bungkus kasebutake Kurawa uga melu
cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanajan amung lelamis. Iki nggambarake menawa
watake Kurawa.....
a. seneng ngapusi
b. serakah
c.
mung laire
sing becik
d. prasaja
e.
srei
13. Sanajan Panakawan (Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong) iku dadi batur lan
drajate mung cendhek, nanging disenengi dening para satriya kang duwe tindak
laku utama. Kabeh iku kagawa saka tindak tanduk lan pakarti kang ditindakake
Panakawan sing jujur, prasaja, lan ora neka-neka. Pratelan kasebut nuduhake unsure cerita wayang Mahabharata sing diarani
....
a. tokoh
b. alur
c.
watak tokoh
d. pesen/amanat
e.
latar
14.
Saka crita wayang Bima Bungkus ngemot pitutur kang becik yaiku......
a. wong sabar iku subur
b. kewajibane manungsa iku ngangsu kawruh
c.
pasrah total marang Gusti Allah
d.
wong urip iku kudu duwe iman lan amal
e.
wong salah bakale seleh
Wacanen crita ing ngisor iki, kanggo mangsuli pitakonan sabanjure!
Pandu Jumeneng Nata ing Hastinapura
Negara Hastinapura kagungan putra calon gumanti Nata, yaiku kang pambareb.
Dhestrarastra,
panengahe Pandu, lan warujune Widura. Dhestrarastra, PanduDewanata,
lan Widura digulawentah lan digladhi dening Resi Bisma. Katelune iku kang bakal mbacutake keprabone dharah Kuru. Drestharastra duwe kaluwihan prigel olah jaya kawijayan. Pandu prigel babagan olah kridhaning jemparing, dene Wisura prigel babagan olah weliding pedhang lan sanjata.
Nanging kang jumeneng nata ing Hastina iku Pandu,
jalaran Dhestarastra cacat netra, dene Widura duwe cacat sukune dawa sesisih. Saka sarasehan agung netepake kang dijenengake nata Pandu.
Dhestarastra lila yen sing kawisudha dadi ratu iku Pandu, amarga dheweke nglenggana
duwe kekurangan kang ginaris dening Gusti Kang Murbeng Jagad. Miturut pemanggihe,
nagara kang dipangarsani titah kang cacat bakal nuwuhake swasana kang ora becik.
Dhestarastra karma karo
Dewi Gendari (sedulure Sengkuni) putrid ratu Basubala (Suwala) ing nagara Gandara
duwe putra cacah satus kang diwastani Kurawa. Pandu krama karo putri loro, yaiku Dewi Kunti (Dewi Patra) putrine Prabu
Kuntiboja peputra telu Yudhistira, Bima, lan Arjuna. Nanging sadurunge karo
Prabu Pandu, Dewi Kunti wis kagungan putra kang arane Karna. Dene garwa Pandu
sijine asesilih Dewi Madrim, putri Ratu
Mandrapati ing Nagara Mandrawisaya (Mandaraka), peputra loro kembar Nakula lan
Sadewa. Widura krama karo Dewi Parasari, putra Maharaja Dewaka sarta kagungan
putra kekasih Wiyansampana (Sunjaya).
15.
Paraga utama ing
crita kasebut yaiku ....
a.
Prabu Pandu
b.
Prabu Matswapati
c.
Prabu Dhestarasta
d. Prabu Salya
e.
Widura
16.
Latar crita iku
yaiku ....
a. Suwala
b. Mandaraka
c.
Gandara
d. Dewaka
e.
Hastinapura
17.
Putrane Prabu Pandu
karo Dewi Kunti yaiku ....
a. Kurawa
b. Pandawa
c.
Sunjaya lan Wiyansampana
d. Yudhistira, Bima, lan Arjuna
e.
Nakula lan Sadewa
18.
Dhestarastra lila
yen sing kawisudha dadi ratu iku Pandu, amarga dheweke nglenggana duwe
kekurangan kang ginaris dening Gusti Kang Murbeng Jagad. Miturut pemanggihe,
nagara kang dipangarsani titah kang cacat bakal nuwuhake swasana kang ora becik.
Pratelan kasebut nuduhake unsure cerita.......
a. tokoh
b. alur
c.
watak tokoh
d. pesen/amanat
e.
latar
19.
Undherane crita
kang jumeneng nata Hastinapura yaiku ....
a.
Prabu Matswapati
b. Prabu Pandu
c.
Prabu Dhestarasta
d. Prabu Salya
e.
Widura
20.
Saka crita iku,
miturut tata aturan ing sajroning karaton kang gumanti nata kudune putra jaler
mbarep sang nata. Nanging Dhestarastra ora gelem gumanti nata amarga
ngrumangsani marang kekurangane. Lelakon iku ngemot pitutur kang becik yaiku
....
a. aja rebutan panguwasa
b. nglengana marang kekurangane
c.
negara kang
adiluhung
d. ngalah dhuwur wekasane
e.
nandur bakal
ngundhuh
Wacanen crita ing ngisor ik,
kanggo mangsuli pitakonan sabanjure!
PANDAWA LAN KURAWA MEGURU DURNA
Sawise Pandawa lan Kurawa meguru marang Begawam Krepa,
sabanjure meguru marang
Begawan Durna, ipeni pun Krepa. Caritane mangkene. Begawan Durna iku putrane Resi Baratwaja. Sawijining wektu Durna karo putrane kang namane Aswatama tumuju menyang
nagara Pancala bakal nemoni kadang sumitrane Sucitra, kang saiki jumeneng nata
ing Pancala. Durna ora ditampa malah kapulasara (dianiaya) dening Patih
Gandamana nganti rusak sarirane. Kanthi nggawa lara atine, Durna mbacutake laku
bakal nemoni ipene Krepa Gajahoya. Ing samadyaning laku kepanggih karo Pandawa
lan Kurawa kang lagi dolanan yen jaman saiki bal-balan. Ndilalahbal
sing dingo dolanan kecegur sumur, lan ora ana kang wani njupuk.
Kanthi pitulange Durna,
bal isa dijupuk kanthi jemparing saka alang-alang.
Para Pandawa lan Kurawa padha kaget lan ngalembana kasektene
Durna. Bab iku diaturake marang Bisma. Mireng atur iku Bisma seneng banget jalaran pancen lagi golek
guru kang linangkung, mula Durna ditimbali sarta kadhawuhan anggladhi Pandawa
lan Kurawa supaya mundhak kaprigelan jurit lan wawasane.
Durna saguh paring
piwucal, nanging kanthi bebena suk yen wispinter ora kena nulak kabeh
pamundhute Sang Durna. Pandawa lan Kurawa ora wangsulan, mung Arjuna dhewe kang
nyaguhi.
Bareng wis sawetara
wektu, kabeh padha prigel olah kanuragan lan kawruh apa wae, semono uga bab
kang sinandi. Bima lan Duryudana pinter. Bima lan Duryudana prigel ngginakaken
gada, Nakula lan Sadewa prigel nggunakake pedhang. Yudhistira prigel perang
kanthi numpak kreta, Aswatama prigel ing gunabeksi (obat-obatan), Arjuna prigel
jemparing. Ana ing pandadaran Peserta didik Sokalima, Bima tandhing
yuda karo Duryudana, semono uga Arjuna tandhing Karna, sanyatane kabeh padha
digdayane.
Sawijining dina
Durna kepengin males lara atine marang Drupada kang rikala semana gawe serik
atine. Kabeh satriya diklumpukake, supaya ngrangket Drupada minangka tandha
bektine marang Guru.Para Kurawa ndhisiki nyerang, nanging isa dikalahake. Genti
para Pandawa kang nyerang, wusanane Drupada isa dirangket urip dening Arjuna,
kang sabanjure dipasrahake marang Durna. Gandheng Drupada kalah, Nagara Pancala
separo sisih lor dijaluk Durna, dene sisih kidul diprenah Drupada.
Bareng perang wis paripurna, Pandawa lan Kurawa bali
menyang Hastinapura. Prabu Drestharastra seneng banget marang Yudhistira kang
awatak adil lan utama, mula bakal dijumenengake nata nggantekake Pandu.
21.
Yudhistira nduweni watak.........
a. culas
b. ora jujur
c.
adil lan utama
d. culika
e.
Ala
22.
Pitutru luhur kang bisa kapethik
saka cerita wayang “Pandawa lan Kurawa Meguru Duran”, yaiku......
a. aja rebutan panguwasa
b. nglenggana marang kekurangane
c.
negara kang
adiluhung
d.
wong kang nduwe watak adil lan utama bakal mulya
e.
nandur bakal
ngundhuh
23. Paraga saka crita wayang ing dhuwur ,
kajaba.....................................
a.
Pandawa
b.
Kurawa
c.
Begawan Durna
d.
Aswatama
e.
Gajah Sena
24.
Pandawa lan Kurawa meguru marang Durna mapan ing......
a. Astina
b. Nagara Pancala
c.
Sokalima
d. Hastinapura
e.
Ngalengka
Wacanen crita ing ngisor ik,
kanggo mangsuli pitakonan sabanjure!
DEWA RUCI
Madeg kraton Astinapura. Prabu Dhestarasta kaadhep dening
putra mbarebe, Duryudana, Patih Sengkuni lan Pandhita Krepo. Surasane
rerembugan ana gandheng cenenge karo peprentahan Astina ing tembe mburine
marang para Kurawa, ngengeti para Pandawa wis wiwit dewasa. Duryudana ngesuk
bapake, kapan dheweke bakal winisuda dadi Ratu Anom ing Astina. Sawetara
Sengkuni mbudidaya mbujuk Prabu Dhestarasta, supaya hak tumrap keprabon lan
kraton Astina tetep dadi duweke Kurawa. Sebab yen keprabon lan kraton
dibalekake marang Pandawa, kepiye nasibe para Kurawa kang cacahe ana satus bocah?
Sawijining cara yaiku ngelongi kuwatane Pandawa. Amarga kekuwatane Pandawa
dumunung marang Bima, mula Bima kudu disingkirake.
Dene ing keputren Astina. Dewi Gendari mahargya tekane
Prabu Dhestarasta. Dewi Gendari nakokake babagan rantaman wisudane Duryudana
dadi Ratu Anom Astina. Prabu Dhestarasta ngendika lagi digolekake wektu lan
wayah kang trep supaya ora nuwuhake congkrah karo Pandawa. Dewi Gendari aweh
panemu Pandawa kudu disingkirake supaya keprabon Astina tetep dadi duweke
Duryudana. Prabu Dhetarasta nerangake lamun panemue Dewi Gendari wis kamot ana
rancangane Sengkuni kang bakal ngelongi kekuwatane Pandawa.
Sabanjure Duryudana lan Patih Sengkuni nganakake
pasatemon karo Dursasana, Kartamarma, Citryuda, Durmagati, Citraksi, lan
saperangan Kurawa liyane. Patih Sengkuni nyaranake supaya Duryudana njaluk
pambiyantune Pandhita Durna kanggo nyingkirake Bima. Carane manut marang
Pandhita Durna, kang baku ora ngelok-ngelokake langsung para Kurawa. Sengkuni
uga mrentah Kartamarma supaya ngerahake Kurawa menyang Sokalima. Menawa
Pandhita Durna gagal ngojok-ojoki Bima, Kurawa kudu tumindak cekat-ceket.
Kroyok lan pateni Bima ing Sokalima. Duryudana lan Sengkuni banjur budhal,
banjur disusul dening Kurawa liyane.
Lagya kang ana ing pertapan Sokalima. Pandhita Durna
kaadhep dening anak siji-sijine, Aswatama. Ora let suwe Duryudana lan Sengkuni
teka. Sawise ngabarake keslametan, Duryudana ngandhakake niyate njaluk
pambiyantune Begawan Durna supaya nyingkirake Bima. Iki kanggo waluyaning
keprabon Astina marang para Kurawa. Wiwitane Begawan Durna kabotan. Nanging
Sengkuni lan Duryudana ngesuk kanthi cara ngundhamana dedununge Resi Durna ing
Astina kang ora ucul saka lelabuhan lan lomane Prabu Dhestarasta. Kasurung saka
utang budi, Resi Durna tundhone saguh mujudi panjaluke Duryudana.
Sawise Sengkuni lan Duryudana lunga, Resi Durna banjur
nyeluk Bima. Kanthi alesan kanggo ngluhurake Pandawa, Bima dikongkon golek
banyu panguripan Tirtapawitra menyang gunung Candradimuka. Bima sanggup banjur
enggal-enggal budhal.
Nalika semana kang ana ing pinggire gunung Candradimuka.
Ing perenge gunung Candradimuka nalika Bima lagi ngembrukake wit-wit gedhe lan
njegol watu-watu gedhe nggoleki Tirtapawitra, njedhul buta loro cacahe, Rukmuka
lan Rukmakala. Kalorone buta mau nglarang ngrusak tatanan panguripan ing gunung
Candradimuka lan Tirtapawitra ora ana ing gunung kuwi. Dumadi gesehe panemu,
banjur dadi bandayuda. Amarga saka ampuhe kuku Pancanaka, Bima kasil mateni
Rukmuka lan Rukmakala, sawise mati jasade badhar dadi Bathara Indra lan Bathara
Bayu.
Bathara Indra nerangake, lamun Tirtapawitra ora ana ing
gunung Candradimuka. Bima didhawuhi bali ngadhep marang Resi Durna njaluk
katrangan kang cetha dununge Tirtapawitra. Bima manut. Dheweke bali menyang
Sokalima nemoni Resi Durna. Dene Bathara Indra lan Bathara Bayu bali menyang
kahyangan.
Gumelar ing ereng-erenge gunung Cadradimuka. Arjuna lan
Yamawidura ketemu karo rombongan Kurawa. Dumadi bedaning panemu kang ndadekake
pasulayan. Arjuna lan Yamawidura dikroyok dening Kurawa. Bejane nalika Arjuna
lan Yamawidura kadhesek, Bima teka langsung mbiyantu dheweke ngoyak Kurawa.
Bima ngomong marang Arjuna lan Yamawidura yen Tirtapawitra ora ana ing gunung
Candradimuka. Dheweke saiki arep bali menyang Sokalima arep njaluk kapesthen
Resi Durna, ana ngendi mapane Tirtapawitra. Katelune banjur pisah lakune. Bima
menyang Sokalima, dene Arjuna lan Yamawidura bali menyang kaputren Astina arep
nemoni Dewi Kunti lan kluwarga Pandawa liyane.
Bali ing Pertapan Sokalima. Resi Durna nampa tekane Bima.
Kanthi ringkes Bima ngandhakake lamun Tirtapawitra ora ana ing gunung
Candradimuka. Dheweke uga ketemu karo buta loro panjalmane Bathara Indra lan
Bathara Bayu. Dewe kalorone ngendika ing gunung Candradimuka ora ana sing
jenenge Tirtapawitra. Resi Durna ngandhakake, dheweke ndhawuhi Bima menyang
gunung Candradimuka mung kanggo nguji kesabarane Bima. Amarga Bima pancen
santosa lan kuwat kekarepane, mula saiki dheweke nuduhake panggonan mapane
Tirtapawitra, yaiku ing dhasare samodra. Bima langsung pamit arep tumuju
menyang segara kidul.
Gelare kaputren Astina. Dewi Kunti lan Puntadewa nampa
tekane Arjuna lan Yamawidura. Yamawidura ngandhakake kabar ketemu karo Bima ing
gunung Candradimuka. Bima durung kasil nemokake Tirtapawitra, mulane dheweke
bali menyang Sokalima nemoni Resi Durna. Ora let suwe Bima teka. Bima nyuwun
donga pangestune ibu kan sedulure arep nggoleki Tirtapawitra ing dhasare
samudra cundhuk karo dhawuhe Resi Durna. Dewi Kunti, Puntadewe, Yamawidura, lan
Arjuna mbudidaya ngalang-ngalangi Bima supaya murungake niyate golek banyu suci
Tirtapawitra. Dewi Kunti ngandhakake yen barang kuwi ora ana. Kabeh mau mung
rekadayane Resi Durna kang arep nyilakani Bima. Nanging Bima tetep mantep
marang kapercayane, lamun minangka guru, Resi Durna ora bakal nyilakani muride
dhewe. Dhawuhe guru kudu ditindakake dening murid. Tundhone Bima budhal
nggoleki Tirtapawitra ing dhasaring samodra. Dewi Kunti dhawuh marang
Yamawidura lan Arjuna ngawat-awati lakune Bima.
Ing dhasare samodra ana ula ngadhang lakune Bima. Pasulayan
rame dumadi. Kalorone mbudidaya nyilakani siji lan sijine. Tundhoning
pasulayan, Bima mateni ula kuwi, nanging dheweke uga semaput kena gitikane
buntut ula mau. Bima klelep tekan dhasare samodra.
Katon Dewa Ruci lagi pasatemon karo Bima. Dewa Ruci takon
apa kekarepane Bima njegur nganti ing dhasaring samodra. Bima njlentrehake, yen
dheweke nindakake dhawuhe gurune, Resi Durna supaya nggoleki banyu panguripan
Tirtapawitra. Dewa Ruci nerangake, dene Tirtapawitra ora mapan ana ing gunung
Cadradimuka, apa dene ing dhasare samodra. Tirtapawitra sejatine mapan ana ing
dhiri pribadine Bima dhewe, kang wujude inti niyat kanggo tumindak jujur lan
berbudi luhur, sarta ngenggonake rasa kurmat marang sapadhane. Nindakake
kabecikan tanpa pamrih, tresna marang sapadhane kaya dene tresna marang awake
dhewe. Saka Dewa Ruci, Bima antuk ajaran / wejangan babagan ilmu kasampurnan,
ing antarane njlentrehake babagan asaling dumadi, sangkan paraning dumadi, lan
tataraning dumadi.Bima banjur didhawuhi bali menyang Astina nglumpuk karo ibune
lan sedulure, amarga isih akeh kewajiban kang kudu ditindakake.
Ana kedadeyan ing gisiking samodra. Arjuna lan Yamawidura
geseh panemu maneh karo Kurawa kang dipandhegani dening Sengkuni kang lagi gawe
pager betis ing pinggire samodra. Pasulayan ora isa diendhani maneh. Kurawa
ngroyok Arjuna lan Yamawidura. Bejane nalika kalorone kepepet, Bima jumedhul
saka njeroning samodra. Ngreteni Arjuna lan Yamawidura dikroyok Kurawa, Bima
banjur cekat-ceket mbiyantu. Kurawa ora bisa nandhingi kridhane Bima, banjur
kabeh padha mlayu salang tunjang. Banjur Bima, Arjuna, lan Yamawidura bali
menyang Astina.
Nalika semana madeg kaputren Astina. Dewi Kunti kaadhep
dening para putrane, Puntadewa, Bima, Arjuna, Nakula, lan Sadewa, sarta
Yamawidura. Bima nyritakake pasatemone karo Dewa Ruci ing dhasare samodra, lan
entuk wejangan babagan sarining panguripan. Dewi Kunti syukur banget, dene Bima
kasil slamet lan lulus saka pacoban kang abot. Dewi Kunti banjur ngajak
putra-putrane supaya ngaturake donga marang Gusti Kang Maha Tunggal, supaya
kluwarga Pandawa tansah antuk kawilujengan, rahmat lan hidayah-He.
25.
Sawetara Sengkuni
mbudidaya mbujuk Prabu Dhestarasta, supaya hak tumrap keprabon lan kraton
Astina tetep dadi duweke Kurawa. Sebab yen keprabon lan kraton dibalekake
marang Pandawa, kepiye nasibe para Kurawa kang cacahe ana satus bocah?
Sawijining cara yaiku ngelongi kuwatane Pandawa. Amarga kekuwatane Pandawa
dumunung marang Bima, mula Bima kudu disingkirake. Pratelan iki nuduhake manawa Sengkuni iku wong kang duwe ati ala.
Pratelan kasebut nuduhake unsur cerita.......
a. watak tokoh
b. tokoh
c.
alur
d. pesen/amanat
e.
latar
26.
Dewi Kunti syukur
banget, dene Bima kasil slamet lan lulus saka pacoban kang abot. Dewi Kunti
banjur ngajak putra-putrane supaya ngaturake donga marang Gusti Kang Maha
Tunggal, supaya kluwarga Pandawa tansah antuk kawilujengan, rahmat lan
hidayah-He.
Karep saka pratelan iku supaya kita kabeh eling marang Gusti Kang Maha Tunggal.
Perangan iku mapan ana ing unsur crita kang diarani.........
a. watak tokoh
b. tokoh
c.
alur
d. pesen/amanat
e.
latar
27.
Ing crita Dewa
Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Resi Durna minangka gurune sanajan anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging
Bima ora nggresula. Saka crita kasebut pamaos ngreti yen karep saka crita iku supaya murid bekti karo
gurune. Perangan iku mapan ana ing crita kang diarani ....
a. tokoh
b. alur
c.
latar
d. watak tokoh
e.
pesen/amanat
28.
Bima nyuwun donga
pangestune ibu lan sedulure arep nggoleki
Tirtapawitra ing dhasare samudra cundhuk karo dhawuhe Resi Durna.
Karep saka pratelan iku supaya anak nyenyuwun donga
pangestu marang wong tuwane.
Perangan iku mapan ana ing unsur crita kang diarani.........
a. tokoh
b. alur
c.
watak tokoh
d. latar
e.
pesen/amanat
29.
Saka crita wayang
“DEWA RUCI”, bisa dimangerteni
menawa watake Sengkuni iku......
a. adil lan utama
b. srei, culas, culika
c.
brastha angkara murka
e.
luhur ing budi
30.
Saka crita wayang
“DEWA RUCI”, bisa dimangerteni
menawa watake Dewi Kunti iku......
a. srakah
b. srei
c.
sabar, tresna asih marang anake
d. seneng ngaasorake kadange
e.
darbe jiwa kang culas marang kadange
31.
Dewi Gendari aweh
panemu Pandawa kudu disingkirake supaya keprabon Astina tetep dadi duweke
Duryudana. Saka pratelan iki bisa dimangerteni menawa watake Dewi Gendari iku......
a.
apa sing dikarepake kudu kasil kanthi cara apa bae
b.
nduwe rasa tresna asih marang kadange
c.
darbe ajiwa satriya kang dadi bentenging negara
d.
darbe jiwa mbela negarane
e.
duwe watak seneng tetulung
32.
Makna religi kang kamot ing crita “DEWA RUCI” kajaba..........................................
a.
kanggo nuju kasampurnaning urip kudu bisa ngalahake nafsu
kadonyan
b.
kanggo nuju kasampurnaning urip kudu duwe watak patuh lan
waspada
c.
kanggo nuju kasampurnaning urip kudu duwe watak eling lan
waspada
d.
kanggo nuju kasampurnaning urip kudu duwe watak andap
asor
e.
kanggo nuju kasampurnaning urip kudu duwe watak asor
33.
Pitutur luhur kang
kamot ing crita wayang “DEWA
RUCI”, kajaba.........................................
a. Darbea jiwa kang srei marang sapada
b. Dadi murid kudu
bekti marang guru
c.
Duwea
watak satriyatama: luhur ing budi, seneng tetulung, adil, wani ing bebener,
mbrastha angkara murka
d.
Bektia marang wong tuwa, luwih-luwih marang
ibu
e.
Tresna asih marang sedulur
34.
Paraga kang ana ing crita wayang “DEWA RUCI”
kajaba......................................................
a. Prabu Dhestarasta
b. Nakula
c.
Duryudana
d. Patih Sengkuni
e.
Pandhita Krepo
35.
Wong
Jawanganggep yen crita wayang minangka gegambarane urip.
Dewa Ruci wujuding crita asli wayang Jawa menehi gambaran kang cetha ngenani sesambungan harmonis antarane
....
a. anak
marang wong tuwa
b. kawula
lan Gusti
c.
anak marang bapak
d. anak
marang ibu
e.
guru marang siswa
36.
Gunung Candradimuka, Astina, dhasaring Samudro iku kabeh
nuduhake unsur intrinsik crita kang sinebut................
a. tokoh
b. alur
c.
watak tokoh
d. latar
e.
pesen/amanat
37.
Cara-carane gawe synopsis kayata ing ngisor
iki kajaba..............
a. Maca naskah asli kanggo nggolek gagas umume penulis.
b. Gawe ukara-ukara kang salaras karo paugeraning gagasan
c.
Nyatet
gagasan utama kang penting.
d. Ngrantam maneh gagasan utama dadi paragrap.
e.
Dialog lan monolog
cukup ditulis isi utawa garis utamane.
38.
Pigunane synopsis kayata ing ngisor iki, kajaba
a. kanggo nggambara kesawijining obyek
b. kanggo menehi gegambaran ringkas lan isi crita
c.
kanggo menehi
gegambaran kanthi cepet ngenani isi crita
d. kanggo bebuka (prolog) utawa epilog saka cerita
e.
kanggo gegambaran
kanthi sederhana babagan urutaning cerita
39.
Ciri-ciri
sinopsis kaya ing ngisor iki, kajaba....................
a. Alur ditata kanthi runtut utawa kronologis lan pas
b.
Basa kang digunakake basa persuasif
c.
Ukarane salaras karo paugeraning gagasan
d.
Gawe penasaran kang maca
e.
Konflik diwujudake kanthi singkat lan narik kawigaten
40.
Kang dibutuhake nalika nulis sinopsi...............
a. Gawe ukara-ukara kang salaras karo paugeraning gagasan
b. Gawe bebuka (prolog)
utawa epilog saka cerita
c.
maca naskah asli kanggo nggolek gagas umume penulis
d. nemtokake tema kang isine babagan gagasan utama saka cerita kasebut.
e.
nyatet
gagasan utama kang penting.
I.
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor
iki kanthi premati!
- Gambar wayang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 1
1. andharna apa kang sira
ngerteni babagan tokoh wayang kasebut
Pethilan crita ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 2-4
Ana kedadeyan ing
gisiking samodra. Arjuna lan Yamawidura geseh panemu maneh karo Kurawa kang
dipandhegani dening Sengkuni kang lagi gawe pager betis ing pinggire samodra.
Pasulayan ora isa diendhani maneh. Kurawa ngroyok Arjuna lan Yamawidura. Bejane
nalika kalorone kepepet, Bima jumedhul saka njeroning samodra. Ngreteni Arjuna
lan Yamawidura dikroyok Kurawa, Bima banjur cekat-ceket mbiyantu. Kurawa ora
bisa nandhingi kridhane Bima, banjur kabeh padha mlayu salang tunjang. Banjur
Bima, Arjuna, lan Yamawidura bali menyang Astina.
Nalika semana madeg
kaputren Astina. Dewi Kunti kaadhep dening para putrane, Puntadewa, Bima,
Arjuna, Nakula, lan Sadewa, sarta Yamawidura. Bima nyritakake pasatemone karo
Dewa Ruci ing dhasare samodra, lan entuk wejangan babagan sarining panguripan.
Dewi Kunti syukur banget, dene Bima kasil slamet lan lulus saka pacoban kang
abot. Dewi Kunti banjur ngajak putra-putrane supaya ngaturake donga marang
Gusti Kang Maha Tunggal, supaya kluwarga Pandawa tansah antuk kawilujengan,
rahmat lan hidayah-He.
2. Jlentrehna
unsur-unsur intrinsik kang kamot ing crita wayang ing dhuwur ! ( paraga, watak,
alur,latar )
3. Andharna
wosing crita wayang ing dhuwur!
4. Wedharna
pitutur luhur apa kang bisa kapethik saka crita wayang iku!
Kunci jawaban nggak ada nih ?
BalasHapus