PRANATACARA
Panatacara
1. Pangertene panatacara
Panatacara kerep
uga diarani dening bebrayan agung minangka panatacara pambyawara, pranata
adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master of
Ceremony (MC). Regeng, nges lan orane sawijining adicara iku dadi
tanggungjawabe pranatacara. Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing duwe
jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacra adat temanten,
kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan
utawa pentas (show) lan sapanunggale. Kaya dene ing acara upacara adat
temanten Jawa, pranatacara kajibah nglantarke titilaksana (lakune) adicara
ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab
Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi)
temanten. Dene yen ing upacara kasripahan (kematian) juru
panitilaksana (pranatacara) nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah
menyan sarean (kuburan).
Pranatacara uga diarani master of ceremony (MC), pembawa acara,
pambiwara, pranata adicara, pranata titi laksana, panata adicara, paniti
laksana utawa pranata laksitaning adicara. Pranatacara yaiku paraga kang duwe
jejibahan nata lan nglantarake acara utawa adicara.
Cecawis Sanguning Pranatacara
Murih jejibahan
bisa kasil kanthi becik, pranatacara lan
pamedhar sabda kudu bisa ngrengkuh sarat sarana kang baku yaiku :
a.
Swara
Swara pinangka srana babaraning basa
kudu kaudi supaya ulem, kung, dekung,
membat mentul, kepenak
dirungokake. Kedaling swara (metune swara) : tuladha ngeja abjad Jawa.
tuladha : rasa-rasane, utama-utamane, manis
–manise, pendeng, rendheng, petel-pethel, lsp. Lagu (wirama) : Nyakup
sora-lirih, dawa -cendheking swara, membat mentul, rikat-rindhik, lan
lak-luking swara.. Lagu kang becik tumrape basa Jawa dirani dhekung
b.
Busana / Ageman
Ajining raga
gumantung busana, mula babagan busana iku uga kudu digladhi murih jejibahan
kang diemban bisa kaleksanan kanthi
becik Pranatacara lan pamedhar sabda
kudu bisa ngadi busana kang bener lan pener, murwat, laras karo kahanan utawa
kaperluwane ana ing upacara , rapi, lan tumata panatane.
c.
Subasita
Trapsila
utawa tatakrama uga kudu kagladhi kang becik , amarga trapsila kang kurang
becik bisa ngurangi kawibawan jejering pranatacara lan pamedhar sabda. Solah
bawa aja digawe-gawe becik prasaja wae, anteng mantep nanging ora kaku.
Owah-owahan
pasemon uga kudu kaudi supaya kabeh mau bisa nggambarake isining ati, kang
tundhone jumbuh karo swasana.
d. Basa lan
sastra
Basa kang digunakake pranatacara lan
pamedhar sabda diudi sing bener, pener,
becik,
endah, lan gampang ditampa utawa komunikatif. Basa kang becik yaiku basa kang
trep
panganggone. Supaya trep kudu ngeling:
·
Sapa sing
guneman
·
Sapa sing
tumanggap wawan gunem/audiens
·
Sapa /apa
sing digunem
·
Kepriye swasanane (wektu, papan, kahanan)
Dene kawruh
kasusastran tumrap kang kepengin nggayuh
pranatacara lan pamedhar sabda kang gamben lan profesional nyakup:
pepindhan, panyandra, wangsalan, parikan, tembang, purwakanthi Pewayangan, kawruh
karawitan/gendhing-gendhing upacara manten, lsp
2.
Perangan
teks panatacara
Minangka kanggo
ancer-ancer yen kanggo gawe ngrengrengan teks panatacara para siswa kudu weruh pokok-pokok teks
panatacara mau. Dene pokok (batang tubuhe) teks pranata cara, yaikut:
- Salam pambuka. Salam pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh” (tumrap wong Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.
- Puji sykur konjuk marang Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang kanjeng Nabi Muhammad
- Sapa aruh. Sapa aru utawa aruh-aruh marang kabeh para tamu unddangan. Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek.
- Ancasing gati. Ancasing gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang diadani (dilaksanakan) ing wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani adicacaaapa sing diangit dening panatacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta kudu klop karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan (masyarakat) kono.
- Panutup. Ing perangan panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh acara kang dirantam, sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak
- Salam penutup.
3.
Unsur-unsur
panatacara
Sarat Panatacara
Kanthi gladhen lan
sarat laku pitung perkara. Dening Rama Sudi Yatmana (1989:1) di jlenterhake kanthi aran Saptama Pangolahing
Raga, yaiku:
- Magatra, yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep, pantes lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe
- Malaksana, mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora ingah-ingih lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini
- Mawastha, ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong
- Maraga: ora grogi, ora wedi, ora gmeeter, anteb lan anteng obahe wawak, sirah, gulu, siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha paa kagn diucapake.
- Malaghawa, trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora ngleler nangin uga ora katon grusa grusu
- Matanggap, tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula pranata cara uga bsa gawe gumrengsenge swasana prasat bisa aweh tetamba tumrap wong kang nandhang susah/ sungkawa
- Mawwat: anteb, mantebm ngentasi purwa, madya lan wasaning karya. Dadi pranata cara kudu bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kagn kececer keliwatan uwal saka rantaman
Basa Rinengga :
1.
Tembung Éntar ya iku tembung loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan tegesé dadi béda saka
asal-usulé. Tembung éntar tegesé ora kaya teges saluguné (kata
kiasan) utawa tembung kang
ora kena ditegesi sawantahé baé.
tuladha :
Ø Bening ati tegesé sumèh
Ø Manis
eseme tegese esem ngresepakake ati
2.
Tembung rura basa iku tetembungan sing ajeg panganggoné sanadyan salah kaprah, nanging
manawa dibeneraké malah dadi ora lumrah.
Tuladhané yaiku:
Ø
mènèk klapa = mènèk wit
Ø
ndhudhuk sumur = ndudhuk
Ø
nglinting rokok =
nglinting klobot diwenehi mbako
Ø
nulis layang = nulisi kertas
Ø nunggu manuk = nunggu sawah ben pariné ora dipangan manuk
3.
Pepindhan iku unèn-unèn jroning Basa Jawa kang ora ngemu surasa
kang sejatiné. Lumrahé pepindhan nganggo tembung: kaya, lir, pindha, kadya lan liya-liyané kang ngemu
karep kaya.
Pepindhan asring dipigunakaké ing
pacelathon padinan, panyandra ing
adicara penganten adat Jawa.
tuladhane :
§ Ayune kaya dewi Ratih
§ Baguse kaya Bathara Kamajaya tumurun.
§ Cahyane bingar lintang johar
§ Cep klakep kaya orong-orong kepidhak
§ Cethile kaya Cina craki
§ Dedege ngringin sungsang
Pepindhan kanggo
ing panyandra, yaiku candrane uwong
utawa kahanan. Biasane akeh-akehe digunakake ing panyandra penganten.
Tuladhane:
Gumebyar busananing putra temanten kakung, hangagem
busana ingkang tinaretes benang sotya, ngagem kuluk kanigara, hangemba
busananing nata, lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung ateges
kebak ing kaendahan kang sanyata adi luhung. Mrabu ateges pindha jejering narendra kebekan ing
kawibawan luhur, dene mrabawa ateges sinung prabawa adi endah milangoni
4.
Panyandra iku digunaaké kanggo pepindhan. Tembung candra nduwé teges BULAN. Ananging
lakuné jaman, candra uga dienggo kanggo pepindhan marang sawijining
kahanan kang mèmper karo kanyatan.
Tuladha:
·
Alise : nanggal sepisan :
alisé kaya rembulan ing tanggal siji, mlengkung cilik.
·
Tangane : nggandéwa gadhing
·
Godhege : ngudhup turi
·
Bangkèkané : nawon kemit : bangkèkané kaya prajurit
·
Bathok : nyela cendhané
·
Bokong : manjang ngilang
·
Tangané : nggendewa
pinentang
Teknik maca
panatacara
Sajroning
macakake panatacara mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake isa rumangsa
seneng lanpranatacarane gampang dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya andharan
iki.
1) Nggunakake
pangucap kang trep
2) Pamedhote
ukara kang trep
3)
Nggunakake
intonasi, nada, lan tekanan kang trep
4) Ngreteni
tandha wacan kanthi trep
5) Swara
kang cetha
6) Ngatur
alon lan cepete pamaca
7) Ngolah
treping mlebu wetuning napas
8) Mahami
wacan
9) Percaya
marang dhiri pribadi
Praktik utawa
maca teks wicara pranatacara apadene
praktik utawa maca teks sesorah,
prayogane nggatekake konsep 4 W, yaiku :
1.
Wicara
Wicarane sing
las-lasan, cetha, wijang, upamane bisa mbedakake /t/ karo/th/ utawa /d/ karo
/dh/ : tutuk – thuthuk, pada – padha, lsp.
2.
Wirama
Senajan
katone mung sesorah utawa dadi pranatacara nanging uga kudu nggatekake wirama
sing metu saka lisan, ora mung mbluju, kaku , tanpa ana tekanan intonasi lan
volume suwara. Prayugane diudi lan digladhi murih wiramamaning swara bisa
becik, ora keseron utawa kelirihen, munggah, mudhun, langsaming swara uga
digatekake.
3.
Wiraga
Patrap, sikep nalika nindakake dadi
pranatacara . Solah bawane
wong dadi pranatacara iku kudu manteb
lan teteg madhep marang pamriksa,aja tumungkul/ndhingkluk lan aja ndangak.
Kaudia bisa ngecakake prinsip
Sapta- Ma : Magatra, Malaksana, Mawastha, Maraga, Malaghawa, Matanggap, lan
Mawwat.
4.
Wirasa
Wirasa utawa
penjiwaan. Bisa salaras karo swasana , Prinsip Matanggap :
Tanggap ing swasana (tahu
situasi dan kondisi) , bisa girang gumbira, mesem ngguyu marang kang antuk
kabegjan kanugrahan, bisa kucem luyu, susah sedhih belasungkawa marang kang nandhang dhuhkita.Tuladha Panatacara :
Pambukaning
Pahargyan
Kula nuwun.
Kasugengan, rahmat saha berkah dalem
Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa kasarira dening para tamu ingkang
minulya.
Nuwun, para sesepuh, para
pinisepuh ingkat dahat
kinabekten. Para pangembating
praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapak-bapak Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah
putri ingkang dahat kinurmatan.
Inggih awit
saking keparengipun Bapak
Sunardi sekaliyan, kula
kapitados ndherekaken lampahing
adicara pahargyan prasaja ing
kalenggahan punika.
Dene
wigatosing sedya, Bapak Sunardi sekaliyan kersa
mahargya putra penganten
sarimbit, inggih punika Lintang Ramadhani putra-putrinipun Bapak Ibu Sunardi, saha
nakmas Dewa Pramudita, putra kakungipun Bapak Marno sekaliyan
ingkang pidalem ing Gayam.
Awit saking pangestunipun para rawuh sedaya, putra kekalih sampun kaleksanan nindakaken
akad nikah kanthi wilujeng, nalika wau
wonten ing dalemipun Bapak Ibu Sunardi.
Para rawuh
ingkang minulya, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara, ingkang sampun
rinancang dening sedaya keluwarga.
1.
Adicara
ingkang sepisan inggih menika pambuka.
2.
Adicara ingkang
kaping kalih, inggih
menika atur pambagya
saking keluwarga.
3.
Ndhungkap
adicara ingkang kaping tiga
inggih menika paring
sabda saking keluwarga penganten kakung.
4.
Kalajengaken adicara
ingkang kaping sekawan
inggih menika atur pangandikan saking keluwarga pengantin
putri.
5.
Tataran adicara ingkang kaping gangsal inggih menika sabdatama utawi
ular-ular.
6. Adicara
ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Para rawuh ingkang dahat
kinurmatan, minangka pambukaning pahargyan menika sumangga kula
dherekaken sesarengan maos Basmallah. Dene para
rawuh ingkang ngrasuk
agami sanes, kula
sumanggakaken miturut
kapitadosanipun piyambak. Sumangga kula dhereken.
1. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi basa krama!
1) Pambukaning pahargyan iku isine bab apa?
2) Nitik saka isine, apa ancase pambukaning pahargyan iku?
3) Miturut teks “pambukaning pahargyan” sapa sing duwe gawe
?
4) Sapa temanten kang neningkahan?
5) Pambukaning pahargyan iku lumrahe diwaca dening sapa?
2. Tuduhna, lan tulisen endi ukarane!
No
|
Cengkorongan Pranatacara
|
Ukarane
|
1
|
Salam pambuka
|
|
2
|
Puji syukur
|
|
3
|
Sapa aruh
|
|
4
|
Ancasing gati.
|
|
5
|
Rantaman adicara
|
|
6
|
Nyuwun pangapura
|
|
7
|
Ndherekake donga panutup
|
|
8
|
Salam panutup
|
Pilihen salah siji wangsulan kang bener, kanthi cara menehi tandha ( x ) ing aksara a, b, c, d utawa e kang kok anggep
bener ana ing lembar jawab komputer!
1. Nalika ngrungokake pasrah
penganten, ana pratelan :
Dhumateng
para sesepuh pinisepuh ingkang pantes pinundhi-pundhi.
Para
tamu kakung putrid ingkang winantu ing pakurmatan.
Pratelan iku kalebu perangane tanggap wacana, kang diarani ….
a. pambuka
b. surasa
c. basa
d. panutup
e. ringkesan
2. Ngrungokake tanggap
wacana pasrah penganten, kang makarya masrahake iku saka ….
a. penganten
putri d.
panata cara
b. penganten
lanang e.
pambyawara
c. sesulih
kang duwe gawe
3. Sugeng siyang,
Assalamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan dhumateng
panjenengan sedaya. Tuladha iku diarani….
a. salam
pambuka d.
panutup
b. pambuka
e.
salam panutup
c. surasa
4. Dudutan, pangarep-arep,
lan ngaturake luput anggone matur iku perangan tanggap wacana kang diarani ….
a.
salam
pambuka c. surasa e. salam panutup
b. pambuka
d. panutup
5. Hamedhar pangandikan kang
surasane macakake rut reroncening acara yaiku ….
a. wara-wara d. pranatacara
b. pambagyaharja e. dhagelan
c. pasrah
1.
Pawongan
kang nduweni
jejibahan nglantarake adicara diarani .....
a. Pamedhar
sabda
b. Dwijawara
c. Pranatacara
d. Duta saraya
e. pambagyayuwana
7.
Adicara/ acara ana ing
sripah utawa lelayu diarani ....
a. Adiwicara
b. Adilaya
c. Gitawicara
d. Adipralaya
8.
Sangune tumrap
pranatacara kaya ing ngisor iki, kajaba ....
a. Olah
Basa lan sastra
b. Olah
Subasita
c. Olah Busana
d. olah Swara
e. Olah Rasa
9.
Pocapan/lafal pranatacara
kudu cetha, wirama becik ,
iki ateges nggatekake ….
a. Olah Wicara
b. Olah
Wirama
c. Olah Wiraga
d. Olah Wirasa
e. Olah Busana
10.
Tembung liya
pranatacara kaya ing ngisor iki, kajaba ....
a. Pambiwara
b. Pranata adicara
c. Pranata titi laksana
d. Paniti laksana
e. Juru paniti priksa
11. MC iku cekakan saka tembung ....
a. Mistery
of Ceremony
b. Mastery
of Ceremony
c. Master
of Ceremony
d. Masgiter
of Ceremonial
e. Mastery of Ceremonial
12. “Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang
dhahat……keparenga kula matur, pinangka
pranatacara ing acara dinten menika”.
Kanggo ngiseni cecek-cece2 5ng dhuwur, tembung kang trep
yaiku...
a. Kula tresnani
b. Kinurmatan
c. Pantes luhuring budi
d. Tansah kinabekten
e. Pinundhi-pundhi
13. Pehak-pehak
kang melu nyengkuyung murih jejibahan pranatacara bisa sukses yaiku ...
a. Fotografer
b. Dekorasi
c. Pangrengga
swara (sound system)
d. Catering
e. Manten
14. “Keparenga
kula mambeng saha nggempil
kamardikan panjenengan sadaya ….lst”
Tembung mambeng ing ukara kasebat tegesipun
….
a. Nyuwun
b. Ngurangi
c. Nambahi
d. Ngalangi
e. Mbageake
15. Tuladha
wicara pranatacara ingkang leres inggih menika
a.
Menginjak adicara
ingkang kaping gangsal inggih menika lain-lain
b.
Ndungkap adicara
ingkang kaping gangsal inggih menika mancawarni
c.
Samenika acara ingkang
kaping gangsal inggih menika sanes-sanes
d.
Dumugi susunan acara
ingkang kaping gangsal inggih menika mancawarni
e. Susunan adicara salajengipun inggih menika mncawarni
16. Ukara ingkang trep kangge murwakani adicara tuladhanipun
….
a.
Ingkang sepindhah
sumangga kita sareng-sareng ngaturaken puji syukur dhateng Gusti
b.
Kangge mbikak
adicara punika sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhateng Gusti
c. Pertami-tami sumangga kita sesarengan panjataken puji syukur
dhateng Gusti
d. Ingkang sepisan sumangga kula lan panjenengan ngaturaken
puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti
e. Ingkang pertama sumangga kita sesarengan panjataken puji syukur dhateng Gusti
17. Ngancik adicara kaping tiga lain-lain. Tembung lain-lain,
becike diganti tembung ....
a.
Sanes-sanes
b.
Sumene
c.
Mancawarni
d.
Warna-warna
e.
lan sapanunggalipun
18. Lampah
dhadhap anoraga ngrepepeh kadya sata
mriyembada. Dhasar satriya bagus
rinengga ing busana, sasat Sang Hyang Asmara kang hangejawantah. Ukara iku
kalebu rinengga pepindhan ing ….
a. Pedhalangan
b. Nyandra
manten
c. Kahanan
d. Saben
dina
e. Sanepa
19. Tembung tumpeng
saged dipunjarwani .....
a. Tumapaking panguripan tumindak lempeng
b. Tumindak lempeng
c. Metune mesthi lempeng
d. Tindaka sing lempeng
e. Tumindaka sing lempeng
20. Ingkang
saged dipunaturaken dening pranatacara wonten ing perangan panutup kados ing
ngandhap menika , kajawi ….
a.
Nyuwunaken pangapunten kagem ingkang hamengku gati/panitya
b.
Nyuwun pangapunten menawi anggenipun nindakaken ayahan
wonten lepatipun
c.
Ndherekaken
ndedonga
d.
Nyuwun
pangapura yen ana cewed lan luput anggone ngacarani
e. Ngaturaken pambagya
harja
Assalamu'alaikum.wr.wb,
Tresna asih Gusti Ingkang Maha Suci mugi tansah manunggal ing kita.
Tresna asih Gusti Ingkang Maha Suci mugi tansah manunggal ing kita.
Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun, para
sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes
pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung
sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cuman-thaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.
Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu d humateng Bapa Y anto sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga
Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha
Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung
Catur laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang sampun sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan
Panca laksitagati nderek mangayubagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cuman-thaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.
Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu d humateng Bapa Y anto sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga
Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha
Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung
Catur laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang sampun sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan
Panca laksitagati nderek mangayubagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem
Sad laksitagati
atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung
para tamu
Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian
Hasta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhang pudyastawa murih widadaning bebrayan
Nawa laksitagati paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten s arimbit s aking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.
Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika.
Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian
Hasta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhang pudyastawa murih widadaning bebrayan
Nawa laksitagati paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten s arimbit s aking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.
Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika.
Salajengipun, keparenga para tamu pinarak
wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih , miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rara sing gending2 saking Paguyuban Karawitan Pranatalaras ingkang dipangarsani panjenenganipun Bapa Cahyono.
Nuwun, nuwun, matur nuwun.
Nuwun, nuwun, matur nuwun.
21. Saka tanggap wacana ing ndhuwur sing duwe gawe yaiku....
a. Bapa Cahyono
b. Bapa Y anto
c. Bapa Basuki
d. Bapa Eko laksitagati
e. Kula
22. Saka tanggap wacana ing ndhuwur,
manawa nitik isine diarani ...
a.
Pasrah lamaran
b.
Nampa lamaran
c.
Pranatacara
d.
Sabdatama
e.
Pandonga
23. Saka tanggap wacana ing ndhuwur adicara kang pungkasan yaiku..
a. Hasta laksitagati
b. Tri laksitagati
c. Catur laksitagati
d. Nawa laksitagati
e. Panca laksitagati
24. Saka tanggap wacana ing ndhuwur adicara kang kaping telu yaiku....
a. Hasta laksitagati
b. Dwi laksitagati
c. Tri laksitagati
d. Catur laksitagati
e. Panca laksitagati
25. Saka teks pranatacara ing dhuwur
mratelakake menawa ana pirang acara?
a.
5
b.
10
c.
8
d.
9
e.
7
26. “Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing
ratri kalenggahan punika.”
Nitik saka ukara ing dhuwur, acara iku
kalaksanakake ing wayah...
a.
Sore
b.
Esuk
c.
Awan
d.
Bengi
e.
Subuh
Setitekna tuladha teks pranatacara ing ngisor iki!
(Ladrang Santi Mulya,
Plg 6)
Assalamu’alaiku Wr. Wb.
Kawilujengan,
katentreman miwah karahayon awit sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Agung, Allah
SWT, mugi tansah hamemayungana ing madyaning sasana pahargyan ing wanci siyang
punika .....
Kula nuwun, para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu
binektenan.....
Para tamu kakung saha putri, para sinedhahan ingkang
sinuba ing pakurmatan .......
Pinarengna kula sumela atur, saha paripaksa nggempil
kamardikan anggen panjenengan sedaya ndaweg sekeca imbal wawanpangandikan,
labet kula ingkang sinaraya minangka jejering
pambiwara, keparenga kula mbiwarakaken menggah lampahing tatacara
pahargyan ing wanci siyang punika. Katitimangsa ing ari pinilih, radite umanis, surya kaping 1 Januari 2017, Bapa Wijayanto sekalian wus
hanampi nugraha gung, netepi darmaning asepuh kepareng hangentas pitulus atmaja
pawestri, ingkang sesilih ; Dyah ayu Rr.
Mutiara Aurelia Widyarini, ingkang sampun tinangsulan sah ing reh satataning agami
ingkang rinasuk, jinatukrama dening Bagus Rosi Alesandro Adetama, atmaja kakung
Bapa Purwadi sekalian, ingkang pidalem ing Mulur,
Kecamatan Bendosari, Kabupaten
Sukoharjo.
Para tamu kakung saha putri ingkang winantu ing karahayon
.... minangka purwakaning atur, langkung rumiyin, sumangga nun, panjenengan
sadaya kula dherekaken ngaturaken pangalembana saha panuwun syukur konjuk ing
ngarsa dalem Allah SWT, karana agung rahmat sarta barokahipun ingkang sampun
rumentah dhumateng panjenengan sadaya lan kula, satemah ing wanci siyang punika
saged makempal manunggal ing sasana pahargyan kanthi wilujeng datanpa pambeng, niskala nir ing sambekala.
Para Tamu kakung saha putri ingkang winengku ing suka
basuki, binuka lampahing tatacara nun inggih ngacarani pasrah tinampi
tangsuling tiyang apalakrami. Ngancik acara salajengipun nenggih miosing
penganten putri saking panti busana, kakanthi lenggah ing sasana rinengga. ....
tumuli katungka bidhaling paraga kang kapiji mapag penganten kakung
sapangombyong, lumarap ing sasana pahargyan kalajengaken panggihing penganten,
ingkang lajeng binoyong lenggah jajar sumandhing ing sasana krobongan winangun.
Sasampunipun penganten sarimbit lenggah jajar sumandhing
ing sasana kursi rinengga sarwi tinenggan dening rama miwah ibu, tumuli
kinayatan tatacara krobongan nuli kalajengaken tatacara pangabekten utawi
sungkeman.
Para tamu ingkang winantu ing suka hayu, minangka jangkeping suba sita miwah
tatakrami, ing mangke ingkang hamengku gati kepareng badhe manembrama,
ngaturaken pambagya yuwana saha panuwun hawit sampun kepareng rawuh panjenengan
sadaya.
Sasampunipun atur pambagya yuwana gya kalajengaken
tatacara salajengipun nun inggih kirab kanarendran. Saparipurnaning penganten
sekalian hangrasuk busananing satriya gya kinayatan kirab ingkang angka kalih
nenggih kirab kasatriyan
Wondene minangka pratandha purnaning gati, ing mangke
sasampuna penganten sarimbit saha ingkang sami hamangun bebesanan jumeneng ing
wiwaraning bale winangun, saperlu nguntabaken jengkar konduripun para tamu.
Makaten para tamu, sampun kula aturaken urut reroncening
tatacara pahargyan prasaja ing ari kalenggahan menika, mugi handadosna ing
kawuningan. Salajengipun mugi wontena keparengipun nglajengaken lelenggahan
kanthi suka mardikaning raos, ngantos dumugi purnaning gati. Mugi rahayu
ingkang sami pinanggih, winantu ing suka rena..... nuwun. Matur nuwun
27.
Saka tanggap wacana ing ndhuwur, besane kang duwe
gawe asmane ....
a.
Bapa
Purwadi
b.
BapaWijayanto
c.
Bagus Rosi Alesandro
Adetama
d.
Agus Widodo,SS
e.
Mutiara Aurelia Widyarini
28.
Saka tanggap wacana ing
ndhuwur, kang duwe gawe asmane ....
a.
Bapa
Purwadi
b.
BapaWijayanto
c.
Bagus Rosi Alesandro
Adetama
d.
Agus Widodo,SS
e.
Mutiara Aurelia Widyarini
29.
Saka tanggap wacana ing ndhuwur, radite umanis iku dina....
a.
Selasa
legi
b.
Sabtu
legi
c.
Minggu
legi
d.
Sabtu
kliwon
e.
Minggu
wage
30. “....wus kapyarsa lamat-lamat hangrangin ungeling Ktw
Puspawarna. Sung pakurmatan miyosing penganten putri nenggih dyah ayu rara Tri
Windarti, jengkar saking panti busana, daya-daya kadherekaken lenggah ing
sasana krobongan winangun. Lon-lonan nggennya lumampah kebak ing pangati-ati.
Sarwi nut wiramaning gendhing, saha tansah nengenaken mring subasita, jumbuh
kalian rum kuncaraning bangsa ingkang tansah hanggung mastuti dhateng endah
luhuring budaya. Dupi dumugi ing kursi rinengga cingak ing galih amargi kang
raka gantilaning ati ya sang bagus Cundoko dereng kepareng lenggah jumejer...
Wacana kang migunakake basa rinengga ing ndhuwur minangka panyandra...
a.
Upacara panggih
kalajengaken kacar-kucur
b.
Penganten putri metu
c.
Sasana pawiwahan
d.
Manten temu
e.
Tata praja
31. “Risang penganten sarimbit samya adedulangan, sarwi lawuh
ati antep. Ingkang mengku werdi kekalihnya sampun mantep ing kalbu, manunggal
pinesthi dadi jatukramane ….”.
Ukara
panyandra ing nginggil trep dipunginakaken ing upacara ….
a. Dhahar klimah
b. Sindur binayang
c. Sungkeman
d. Ranu pada
e. Kacar-kucur
32. “Nuwun
tumanggap pangandikanipun Bapak Gito Saraya ingkang hamasrahaken penganten kakung ingkang asesilih Bagus Permadi , kula matur pinangka
sumilih sarira Bapak saha Ibu
Sri
Hascarya, kula kadhawuhan nampi pasrah panganten kakung....
Ukara ing ndhuwur isine
a. Nampa panganten
b. Pasrah panganten
c. Nampa lamaran
d.
Makili pangantenmakili Bapak Gito Saraya
e.
Pambagyaharja
33. Regu-regeng
hamerbawa, risang temanten sarimbit tedhak saking palenggahan, pinapag sang suba manggala arsa
jengkar tilar sasana pawiwahan,
kinirabaken ngulati wahyuning jodho.
Ukara panyandra ing
nginggil trep dipunginakaken ing upacara ….
a.
Upacara panggih
b.
Penganten putri metu
c.
Kirab kanarendran
d.
Kirab kasatriyan
e.
Subamanggala
Tuladha Teks panyandra
Sri temanten
wus paripurna anggenipun santun busana, ingkang sekawit busana kanarendran,
samangke hangagem busana kasatriyan.
Lampahira sri
temanten sarimbit ketingal ayem tentrem boten was sumelang ing wardaya, labet
sampun wonten sang suba manggala ingkang sagah hangentasi karya, mbrastha
sakehing rubeda nyingkiraken sakehing memala.
Sinigeg gantya
kang cinarita, nalika semanten tindakira temanten sekalian ginarubyug para
putri ingkang apindha dhomas. Wonten ingkang ayu, wonten ingkang manis, kathah
ingkang luwes.
Ana saweneh
kenya kang katingal sakedhap-sakedhap sukune mung tansah diangkat, sajak ora
kuwat. Kapyarsa lamat-lamat sesambat ana ngarsaning gusti kang akarya jagad.
Adhuh tobat-tobat, tak rewangi tirakat nganti mripatku ora kuwat. Gek mbesuk
kapan aku diwengku wong pangkat, sing rawuh akehe ora mekakat, lamarane BMW
papat, ora tau ditinggal ming....nggon.
Ana saweneh ingkang
ngujiwat eseme, gandhes luwes wiragane, yen ngguyu dhekik pipine, ngembang
bakung rikmane, mblarak sempal lembeyane. Kapyarsa lamat-lamat sesambate, adhuh
lae-lae, mbesuk kapan aku dijejerke kaya mantene, sing rawuh hanjenengi semene
akehe, bregas kabeh among tamune, cukat trengginas panitiane, pambiwarane
gurune dhewe.
Wondene ingkang
minangka pethiting lampah, punika ta warnanira ingkang hamengku karya sarimbit
garwa. Jroning cipta tansah meminta nugrahaning gusti kang maha kawasa, mugi
putra temanten anggenira lelumban ing alaming bebrayan tansaha manggih bagya
mulya ingkang sinedya rahayu ingkang tinuju.
Lulus raharja
kalis pringga bayaning marga, samangke risang temanten wus lenggah ing dhampar
rinengga, lenggah hamarikelu hangrantu laksitaning adicara salajengipun.
34. Tuladha teks panyandra ing dhuwur trep dipun ginakaken
ing upacara......
a.
Upacara panggih
b.
Penganten putri metu
c.
Kirab kanarendran
d.
Kirab kasatriyan
e.
Manten temu
35. Ngregemeng kaya
lintang Bima sekti hanyuwak tutuking naga. Lah punika ta warnanira
kang ndhaweg hanawung kridha, hangayahi gati kinarya Suba manggala ya sang
Manggala suba. Dhasar pideksa tur bisa hangentasi karya, katambah sulistya ing
warna. Mangkana wus kekalung puspita rinonce, mila sigra madeg esthining driya,
lenging cipta arsa mboyong sang pindha narendra tedhak mring panti busana.
Ukara panyandra ing
nginggil trep dipunginakaken ing upacara ….
a.
Upacara panggih
b.
Penganten putri metu
c.
Kirab kanarendran
d.
Kirab kasatriyan
e.
Suba manggala
36. Kang kalebu tembung Yogaswara yaiku......
a.
Lambehané
mblarak sempal
b.
Adi luhung
c.
Manis eseme
ngresepakake ati
d.
Dedege
ngringin sungsang
e.
Putra putri
37. Kang kalebu tuladhane tembung pepindhan ...
a.
Lambehané
mblarak sempal
b.
Adi luhung
c.
Manis eseme
ngresepakake ati
d.
Dedege
ngringin sungsang
e.
Putra putri
38. Kang kalebu tuladhane tembung tembung entar...
a.
Lambehané
mblarak sempal
b.
Adi luhung
c.
Manis eseme
ngresepakake ati
d.
Dedege
ngringin sungsang
e.
Putra putri
39. Kang kalebu tuladhane tembung tembung garba ...
a.
Lambehané
mblarak sempal
b.
Adi luhung
c.
Manis eseme
ngresepakake ati
d.
Dedege
ngringin sungsang
e.
Putra putri
40. Kang kalebu tuladhane tembung panyandra ...
a.
Lambehané
mblarak sempal
b.
Adi luhung
c.
Manis eseme
ngresepakake ati
d.
Dedege
ngringin sungsang
e.
Putra putri
Jawaban no 30 apa kak?
BalasHapus