Serat Wedhatama Pupuh Sinom
Serat wedhatama yaiku salah sawijining seratan kanjeng
gusti pangeran adipati Arya sri mangkunegara IV, Serat wedhatama ngandhut
piwulang luhur kanggo mbangun budi pekerti.Serat wedhatama duweni isi piwulang
babakan budi pekerti utawa tumindak utama gerteni.
Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama menurut kamus kawi-indonesia karangan L. mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. Di deleng saka tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak. Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine.
Serat wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo (KGPAA) Mangunegara IV Kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot tembang macapat yaiku pupuh pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan kinanthi. Cacahe ana limang pupuh. Ing ngisor iki limang pupuh ing serat wedhatama yaiku :
Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama menurut kamus kawi-indonesia karangan L. mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. Di deleng saka tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak. Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine.
Serat wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo (KGPAA) Mangunegara IV Kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot tembang macapat yaiku pupuh pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan kinanthi. Cacahe ana limang pupuh. Ing ngisor iki limang pupuh ing serat wedhatama yaiku :
1. Pangkur (14 pada)
Ana ing serat wedhatama pupuh pangkur duweni piwulang
ngelmu kang sempurna, kang dadi pathokaning kanggo manungsa yaiku babagan sopan
santun. Syarat utama kanggo duweni yaiku ati-ati utawa mawas diri.
Manungso kang kasil mawas diri utawa ati-ati anggone nglakoni urip ana ing alam
ndonya bakal tentrem ana ing donya.
2. Sinom (18 Pada)
Pupuh sinom ana ing
serat wedhatama yaiku isine babagan pikolehe saka tumindak ngati-ati .
tuladhane yaiku Nata mataram Senopati kang duweni gelar wong agung ing
ngeksigondo, tegese salah sawijineng pemimpin teladan , sumeh lan tresna marang
kawulanelan asring nglakoni pasa, Ananging ora nadohi marang kawulane.
3. Pocung (15 Pada)
Isine pupuh pocung ana
ing serat wedhatama yaiku kawicaksanaan sejati. Kawicaksanaan sejati ora ketara
ana sawijining papan panggonan. kawicaksanaan kasebut kudu kelakon. Piwulang
Panembahan mangkunegara IV yaiku lila lan narima ,legawa utawa lila atine lan
pasrah, sabar tulus ikhlas lan sumarah marang gusti ingkang Maha Agung.
4. Gambuh (35 Pada)
Piwulang kang ana ing
pupuh gambuh yaiku rasa sukur marah gusti Allah kang MAha Agung kanthi suci ing
batin, ngadohi watak angkara murkalan sifat ngendel ngendelake, serta tekun
nglaakoni sembayang.
5. Kinanthi (18 Pada)
Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges
dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam donya
Ing ngisor iki piwulang
ana ing serat wedhatama di ringkes dadi 2 kelompok yaiku :
a. Piwulang kanggo kanoman
§ Para kanoman supaya nyinau babagan busana lan sopan santun, Serta
mangerteni sumber ngelmu kang bener.
§ Supaya ora nduweni sifat angkuh amarga duweni panguwasa
§ Di suwun supaya bisa milah-milah ake kanthi cermat kabeh piwulang supaya
bisa nggunakake ngelmu kasebut kanthi nyocoke papan lan ketrampilan kang di
duweni.
§ Para muda taruna kasuwun purun budidaya kanggo trisarana urip yaiku wirya,
arta, warsis.
b. Piwulang kanggo wong tuwa
§ Ngelmu kanggo menehi piwulang marang anake. Kepiye carane milah-milah
babakan ngelmu kang bener. Kepiye carane nglakoni eling marang Gusti Kang Maha
Agung. Uwong kang dianggep tua yaiku uwong kang duweni ngelmu lan paham babagan
lelakoning urip. Dudu wong kang sing luwih tuwa umure.
Dadi serat wedhatama
yaiku ngelmu babagan kebecikan. Ananging ora mung piwulang kebecikan kang
lahire wae uga becik ing lair utawa batin.
Wos kang Kamot ing Tembang Sinom (Wedhatama)
- Serat Wedhatama aweh pangalembana marang pawongan kang seneng ing sikep luruh (wus sengsem reh ngasamun), asipat aweh pangapura lan sabar. Sajroning sepi, ati kang wengis bisa sirna amarga tresna asih (karana karoban ing sih).
- Serat Wedhatama uga nengenake kadewasaning akal, pikiran, rasionalitas, utawa intelektual. Bab iku kawujud ing pamawase manungsa dene ngelmu iku kudu lumaku kanthi nalar (logika), ngelmu iku mupakate lan panemu, lan iku kabeh bisa digayuh tanpa prihatin (pasahe lan tapa).
- Babagan karakter lan perilaku kang becik (laku utama), Serat Wedhatama menehi tuladha Panembahan Senopati. Piyambake temen-temen anggone meper hawa nepsu (kapati amarsudi sudaning hawa lan nepsu), kang dilakoni kanthi tapa (pinesu tapa brata). Piyambake ngupadi tansah gawe seneng atining liyan lan ing saben pasamuwan tansah gawe tentrem. Nalika ngumbara ngupadi nugraha (kala kalaninga sepi lelana teka-teki), nggayuh pangarep-arep (nggayuh geyonganing kayun), kang kesengsem tentreming ati (kayungyun eninging tyas), tansah nglakoni prihatin, bisa ngendhaleni mangan lan turu (puguh panggah cegah dhahar lawan nendra). Saben nendra saka kraton, piyambake ngumbara ing papan sepi supaya entuk ngelmu kasampurnan lan cetha apa kang tinuju (lelana laladan sepi). Ancase supaya alus budine (budya tulus) lan kabisan kang murwat (mesu reh kasudarman). Ing pinggir samodra (neng tepining jalanidhi), piyambake mahami kekuwatane samodra, kang kaya-kaya bisa digegem.
- Serat Wedhatama ngajarake babagan telung nilai kang bisa ngangkat drajate manungsa, yaiku pangkat, bandha, lan kapinteran (wirya harta tri winasis). Yen manungsa ora duwe salah sijine, mula ora ana gunane dadi manungsa, malah isih kajen godhong jati, tundhane dadi wong kabur kanginan/ora duwe papan dunung (kalamun kongsi sepi saka wilangan tetelu, telas tilasing janma, aji godhong jati aking, temah papa papariman, ngulandara).
- Serat Wedhatama ngajarake telung perkara kang dadi cagaking panguripan,yaiku lila yen kelangan, sabar nelika entuk pacoban, lan nrima ing pandum pasrah sumarah mring Gusti. (lila lamun kelangan nora gegetun, trima lamun ketaman seserik sameng dumadi, legawa nalangsa srah ing bathara).
- Serat Wedhatama ngedohi sipat angkara murka, yaiku nesu kang tanpa alesan (kareme anguwus-uwus, uwose tan ana, mung janjine muring-muring), nutupi kaluputane dhewe, milara mring liyan, pengin dianggep pinter sanajan bodho, lan tansah duwe pamrih.
- Manungsa kang luhur bebudene iki seneng mapan ing papan sepi (tuman tumanem ing sepi), reresik jiwa (masah amemasuh budi), nanging tansah nglakoni kuwajibane, asipat ruruh, lan gawe seneng atining liyan.
Ndhudhah piwulang
Serat Wedhatama Pupuh Sinom
1.
Hakikat Serat
Wedhatama Pupuh Sinom
Sadurungé para siswa
nyekar salah sawijining tembang macapat, beciké kudu ngerti luwih dhisik
tembang macapat iku apa, jinising tembang macapat apa waé, paugeraning tembang
macapat kuwi kepiye, kepiyé anggoné nyekar, lsp. Perlu dimangertèni yèn ing
kasusastran Jawa iku tembang bisa kapérang dadi Tembang Ageng utawa Tembang
Gedhé, Tembang Tengahan, Tembang Alit, lan Tembang Dolanan. Tembang
macapat klebu jinising Tembang Alit amarga paugeran tembangé klebu luwih
prasaja tinimbang Tembang Gedhé lan Tengahan.
Tembang macapat iku duwé konvensi (aturan) metrum yaiku anané guru
gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
Saliyané kuwi, tembang macapat ngandhut kagunan basa kayata rerengganing
basa kang bisa awujud
tembung-tembung kawi, tembung-tembung éntar,
wangsalan, lan liya-liyané. Tembang macapat sapada (sebait)
kedaden saka cacahing guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru gatra
yaiku cacahing gatra/larik/baris saben
sapada tembang. Cacahing
wanda (suku kata) saben sagatra
kuwi diarani guru wilangan, lan
tibaning swara (huruf
vokal, dudu konsonan) ing pungkasaning gatra kuwi kasebut guru
lagu. Guru lagu lan guru wilangan saben tembang
macapat duwe paugeran dhéwé-dhéwé.
Jinising tembang macapat kuwi nganti saiki ana kang nyebut 9, 11,
14, 15 lan sapituruté. Ora perlu
bingung kanggo nyebutaké
cacahing tembang macapat,
kang penting nganggo
dhasar lan wewaton. Miturut buku
Tembang Macapat (Arintaka, 1981) cacahing tembang macapat kuwi ana 11 iji,
yaiku: Mijil, Sinom, Sinom, Asmarandana, Dhandhanggula, Gambuh, Maskumambang,
Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pocung.
Sajroning tembang ana sebutan laras/lrs (Pélog/Pl lan Slendro/Sl),
pathet (Nem/6, Sanga/9,lan Manyura/Myr ing laras Slendro; Lima/5, Nem/6, lan
Barang/Br ing laras Pélog), pedhotan, titi laras, lsp.
Laras yaiku swara kang
ajeg dhuwuré, ora owah, kasebut uga nada, sistem nada/ tonal system. Laras Slendro ateges
sistem nada kang manut cendhèk-dhuwuré, interval gamelan slendro, semono uga laras pélog.
Titi
laras yaiku notasi nada kang
ditulis manut sistem nada laras lan patheté.
Déné pathet
yaiku ukuran endhek-dhuwuring laras, minangka wates wilayah nada.
Kanggo gambaran bab pathet, iki grambyangané:
Ø laras slendro : 1, 2, 3, 5, 6
Ø laras pélog : 1, 2, 3, 4. 5, 6, 7
2. Struktur Tembang macapat
a.
Guru
gatra :
wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia: bait).
b.
Guru wilangan :
wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
c.
Guru
lagu :
tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.
Struktur tembang Sinom
Guru gatra : 9
Guru wilangan lan guru lagu :
8a,
8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
3. Watak tembang Sinom
Watake
tembang Sinom iku tresna asih, canthas, trengginas. Cocok kanggo bab-bab kang
sarwa lincah, nggambarake sipat kan cukat trengginas, lan sapiturute.
4. Makna tembang Sinom
Sinom iku maksude enom.
Tembang iki nggambarake wayah enom, wateke golek pangalembana utawa grapyak,
luwes, gampang srawung. Pancen nom-noman biyasane seneng sesambungan/kekancan,
pinter ngomong utawa srawung kang golek kanca/kadang lan narik kawigatene
liyan. Nglambangake
wayah isih jejaka/prawan.
5. Carane nggancarake Tembang, yaiku :
1. Negesi tembung angel
2. Ndhapuk teges saben larik
3. Mbangun larik dadi alinea/paragraph
4. Nalika mbangun alinea/paragraph kena nambah utawa nyuda
lan ngowahi tembung-tembung sawetara sing bagu nanging ora kena nganti
ngowahi tegese/karep
Pitutur Luhur
Pitutur
mujudake wejangan kang dhuwe tujuwan ngowahi lelakune wong urip, sarana pitutur kang adiluhung menehi ruh awujud semangat, ngupaya, ngreget. pitutur luhur
srana komunikasi positif ing bebrayan, apa dene yen digayutake karo kahanan
jaman saiki, luwih trep yen nganggo pitutur sing becik. Anggone omongan ora
kasar, srei utawa nylekit, luwih-luwih nggunakake konotasi.
Wos kang Kamot ing Tembang Sinom
(Wedhatama)
Ø Serat Wedhatama
aweh pangalembana marang pawongan kang seneng ing sikep luruh (wus sengsem reh
ngasamun), asipat aweh pangapura lan sabar. Sajroning
sepi, ati kang wengis bisa sirna amarga tresna asih (karana karoban ing sih).
Ø Serat Wedhatama
uga nengenake kadewasaning akal, pikiran, rasionalitas, utawa intelektual. Bab
iku kawujud ing pamawase manungsa dene ngelmu iku kudu lumaku kanthi nalar
(logika), ngelmu iku mupakate lan panemu, lan iku kabeh bisa digayuh tanpa
prihatin (pasahe lan tapa).
Ø Babagan
karakter lan perilaku kang becik (laku utama), Serat Wedhatama menehi tuladha
Panembahan Senopati. Piyambake temen-temen anggone meper hawa nepsu (kapati
amarsudi sudaning hawa lan nepsu), kang dilakoni kanthi tapa (pinesu tapa
brata). Piyambake ngupadi tansah gawe seneng
atining liyan lan ing saben pasamuwan tansah gawe tentrem. Nalika ngumbara
ngupadi nugraha (kala kalaninga sepi lelana teka-teki), nggayuh pangarep-arep
(nggayuh geyonganing kayun), kang kesengsem tentreming ati (kayungyun eninging
tyas), tansah nglakoni prihatin, bisa ngendhaleni mangan lan turu (puguh
panggah cegah dhahar lawan nendra). Saben nendra saka kraton, piyambake
ngumbara ing papan sepi supaya entuk ngelmu kasampurnan lan cetha apa kang
tinuju (lelana laladan sepi). Ancase supaya alus budine (budya tulus) lan
kabisan kang murwat (mesu reh kasudarman). Ing pinggir samodra (neng tepining
jalanidhi), piyambake mahami kekuwatane samodra, kang kaya-kaya bisa digegem.
Ø Serat Wedhatama ngajarake babagan telung nilai kang bisa
ngangkat drajate manungsa, yaiku pangkat, bandha, lan kapinteran (wirya harta
tri winasis). Yen manungsa ora duwe salah sijine, mula ora ana gunane dadi
manungsa, malah isih kajen godhong jati, tundhane dadi wong kabur kanginan/ora
duwe papan dunung (kalamun kongsi sepi saka wilangan tetelu, telas tilasing
janma, aji godhong jati aking, temah papa papariman, ngulandara).
Ø Serat Wedhatama ngajarake telung perkara kang dadi cagaking
panguripan,yaiku lila yen kelangan, sabar nelika entuk pacoban, lan nrima ing
pandum pasrah sumarah mring Gusti. (lila lamun kelangan nora gegetun, trima
lamun ketaman seserik sameng dumadi, legawa nalangsa srah ing bathara).
Ø Serat Wedhatama
ngedohi sipat angkara murka, yaiku nesu kang tanpa alesan (kareme anguwus-uwus,
uwose tan ana, mung janjine muring-muring), nutupi kaluputane dhewe, milara
mring liyan, pengin dianggep pinter sanajan bodho, lan tansah duwe pamrih.
Ø Manungsa kang
luhur bebudene iki seneng mapan ing papan sepi (tuman tumanem ing sepi),
reresik jiwa (masah amemasuh budi), nanging tansah nglakoni kuwajibane, asipat
ruruh, lan gawe seneng atining liyan.
5. Wos
kang kamot ing Serat Wedhatama
Surasa wigati piwulang ing Serat Wedhatama bisa kaperang dadi 4 yaiku:
1. Piwulang etika, watak kang becik lan watak ala kang kandhut ing pupuhpangkur.
2. Piwulang ukum, kang katulis ing pupuh Sinom.
3. Piwulang ngelmu lan amal kang katulis ing pupuh Pocung.
4. Piwulang panembah(ibadah marang Gusti Kang Maha Kuwaos) kang kakandhut ing pupuh Gambuh.
Surasa wigati piwulang ing Serat Wedhatama bisa kaperang dadi 4 yaiku:
1. Piwulang etika, watak kang becik lan watak ala kang kandhut ing pupuhpangkur.
2. Piwulang ukum, kang katulis ing pupuh Sinom.
3. Piwulang ngelmu lan amal kang katulis ing pupuh Pocung.
4. Piwulang panembah(ibadah marang Gusti Kang Maha Kuwaos) kang kakandhut ing pupuh Gambuh.
6.
Nganggit tembang macapat Sinom
Bab- bab kang kudu digatekake supaya gampang anggone nganggit tembang macapat, yaiku :
1.
Temtokna lan tulisen ngenani gagasan
sing bakal digawe tembang , supaya bisa mangerteni wewatekane tembang.
2.
Temtokna tembang sing arep digawe.
3. Tulisen paugeran/pathokane
tembang :guru gatra,
guru wilangan, lan guru lagu
4. Gawe ukara
ukara sing salaras karo paugerane tembang. Ukarane saben sagatra kaangkaha bisa
ganep sarta nduweni rasa uriping manah.
5. Saben sapada/bait
surasane kaajab bisa wutuh
6.
Tembang supaya katon edi endah lan manis, prayogane
kawuwuhan purwakanthi.
7.
Manise tembang menawa surasane crita jumbuh karo watake
tembang.
8.
Tembung tembung lan ukara ukara kang
wis digawe mau banjur ditaliti maneh.
Kudu
cocok karo paugerane tembang sing kogawe lan kudu nyambung antara gatra siji
lan sijine.
Tuladhane:
1) Gagasan : pendidikan
2) Tembang kang arep dakgawe tembang macapat sinom
1) Gagasan : pendidikan
2) Tembang kang arep dakgawe tembang macapat sinom
Mumpung anom marsudia
angudi mardaweng budi
ati luhur tur utama
sarana urip prayogi
sayogya laku suci
setya marang Kang Maha Gung
sedyatama sampurna
sampurnaning gesang yukti
swarga donya ginayuh ginawe harja
Kaendahaning basa bisa kaperinci saka anane purwakanthi
lan dhiksi:
a.
Purwakanthi, yaiku swara, sastra utawa tetembungan kang padha ing sajroning ukara.
Purwakanthi ana 3 :
Ø Purwakanthi
swara, yaiku purwakanthi
kang padha swarane ing wiwitan utawa pungkasaning tembung.
tuladha : Mamangun
marta martini
Ø Purwakanthi
sastra, yaiku purwakanthi
kang padha tulisan utawa aksarane ing saben wiwitan wanda utawa tembunge.
tuladha : Katula
tula katali
Ø Purwakanthi
basa (lumaksita), yaiku
purwakanthi kang padha tembunge yaiku tembung pungkasan ukara, dadi tembung
wiwitan ing ukara candake.
tuladha : ...........putra, putra.......
b. Dhiksi,
pamilihane tembung
1. Baliswara,
yaiku rerangkening tembung kang
ucul saka paugeran kanggo njangkepi guru lagu tembang macapat
tuladha
:
anoman sampun malompat dadi anoman malumpat sampun
(tembang kinanthi gatra 1)
2. Wancahan,
nyuda wanda kanggo
ganepe guru wilangan.
Lumrahe wanda kang ana ing ngarep kang diilang.
tuladha :
Agung dadi Gung
Ingkang dadi kang
3. Sandi
utawa Garba, yaiku nunggalake/nyawijikake (menyatukan) rong
tembungkianthi cara ngowahi aksara swara (vokal). gunane kanggo nyukupi guru
wilangan lan gawe basa rinengga.
tuladha
:
mardawa + ing =
mardaweng
karya + enak =
karyanek
ratu + agung =
ratugung
7. Kasusastran kang
tinemu ing gendhing ;
1. Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2. Cengkok yaiku Lak – luking swara kanggo nglagokake tembang.
3. Gendhing yaiku swara lelagoning gamelan
4. Gamelan yaiku Piranti karawitan kanggo ngiringi tembang. Kayata ; bonang,
kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong,
slenthem, gambang, rebab, siter, lsp.
5. Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6. Titi laras yaiku angka minangka gantine laras ( swara cendhak tekan swara
dhuwur).
7. Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8. Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9. Senggakan yaiku unen – uen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung
swaraning gendhing / pradangga
Titi laras iku
ana 2 :
a.
Sléndro utawa saléndro : duwé 5 nada yaiku
1 2 3 5 6
b.
Pelog : duwé 7 nada yaiku 1 2 3 4 5 6 7.
Tuladha
tembang Sinom
1
|
2
|
2
|
2 .
|
2
|
2
|
21
|
23
|
||||
nu-
|
la-
|
dha
|
la-
|
ku-
|
u-
|
ta-
|
ma
|
||||
1
|
1
|
1
|
1
|
. 2
|
3
|
121
|
65
|
||||
tu-
|
mrap-
|
e
|
Wong
|
ta-
|
nah
|
Ja-
|
wi
|
||||
1
|
2
|
3
|
21
|
. 6
|
5
|
653
|
21
|
||||
wong
|
A-
|
gung
|
Ing
|
Ngèk-
|
si-
|
gan-
|
da
|
||||
6
|
1
|
1
|
1
|
. 1
|
1
|
123
|
1216
|
||||
Pa-
|
nêm-
|
bah-
|
An
|
Se-
|
na-
|
pa-
|
ti
|
||||
1
|
2
|
2
|
2
|
. 2
|
21
|
23
|
|||||
ka-
|
pa-
|
ti
|
a-
|
mar-
|
su-
|
di
|
|||||
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
123
|
2
|
||||
su-
|
da-
|
ning
|
ha-
|
Wa
|
lan-
|
nêp-
|
su
|
||||
3
|
5
|
5
|
5
|
. 5
|
653
|
21
|
|||||
pi-
|
nê-
|
su
|
ta-
|
Pa
|
bra-
|
ta
|
|||||
6
|
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
123
|
1216
|
||||
ta-
|
na-
|
pi
|
Ing
|
si-
|
Yang
|
ra-
|
tri
|
||||
2
|
3
|
3
|
3 .
|
2
|
2
|
2
|
2
|
23
|
16
|
612
|
2
|
a-
|
mê-
|
ma-
|
Ngun
|
kar-
|
ye-
|
nak
|
tyas-
|
ing
|
sa-
|
sa-
|
ma
|
Komentar
Posting Komentar