UNSUR UNSUR CERKAK
Cerkak cekakan saka carita cekak. Nanging
cerkak dudu crita sing dicekak. Cerkak
bisa komplit lan mbulet. Ing Bahasa Indonesia istilahe diarani cerpen. Cerkak
salah sijine karya sastra jawa kang prasaja. Wujude gancaran (prosa) dene
cerkak sing becik iki duwe titikan mangkene:
1. Ngemot teges makna utawa
manfaat
2. Kenthel utawa mentes/padhet
3. Proses nulis becike figuratif
4. Tataran sabanjure eskalatif
Titikane cerkak
1. Ceritane
cekak lumrahe kurang saka 10.000 tembung
2. Diwaca
sakeplasan (sekali duduk)
3. Perkara
kang dicritakake mung siji
4. Cacahe paraga mung sithik
5. Tokoh
kang diceritakake ora nganti owah nasibe
6. Sipate
reka-reka/fiktif
7. Cerkak
Asifat naratif (manut urutan wektu)
Ing cerkak ana perangan kang disebut unsur
ekstrinsik lan unsur instrinsik. Unsur ekstrinsik yaiku unsur ing sajabaning
carita cerkak, nanging isih mangaribawani dumadine cerkak mau. Unsur ekstrinsik
antarane factor ideologi, politik, ekonomi, sosial budaya, agama, tata nilai
kang ana ing satengahig masyarakat. Dene Unsur instrinsik yaiku unsur kang
bakal dienggo pathokan gawe crita cekak, kayata tema, tokoh lan penokohan,
latar, alur, sudut pandang lan amanat.
Nah ana ing wulangan iki samengko bakal nggladhi para
siswa supaya bisa nemokake tema, tokoh, latar lan alur kang ana ing cerkak.
Nanging luwih becik nyinau unsur intrinsik, antarane:
1. Tokoh-penokohan
Tokoh
utawa paraga yaiku bleger,wewujudan, sosok utawa individu rerekan (kang direka) kang bakal dicaritakake ana ing
cerita cekak.
a. Tokoh/paraga protagonist,
paraga utama
b. Tokoh/paraga antagonis, paraga
kang lelawanan karo paraga utama
c. Tokoh/paraga
tritagonis, paraga ing antarane protagonis lan antagonis.
Penokohan utawa watak yaiku, panggawene
wewatekane tokoh, lan crita gegambaraning watak ing
carita cekak.
Penokohan, yaiku carane pengarang
nggambarake lan njlentrehake karakter tokoh ana ing crita. Ana
2 teknik kanggo nggambarake karakter salah sawijining tokoh.
1. Teknik analitik, yaiku karakter/watak tokoh kang
dijlentrehake kanthi langsung dening pengarang.
2. Teknik
dramatic
karakter/watak tokoh kang dijlentrehake kanthi penggambaran:
a) Bab fisik lan tindak tanduke tokoh
b) Lingkungan kauripan tokoh
c) Tata basane tokoh
d) Dalan pikirane tokoh
e) Dening tokoh liyane
2. Latar
Yaiku
unsur sajerone cerita cekak kang nuduhake ing ngendi, kepriye, lan kapan
carita mau kedadean. Latar ana
cacah telu, yaiku:
a.
latar papan, yaiku latar kang dadi papan
panggonan nalika kedadeyan ana ing crita iku dicritakake.
Tuladha: ing plataran omahe Agus seneng tenguk-tenguk
nyawang kahanan…….
b. latar
wektu, yaiku wektu nalika kadadeyan ana ing crita iku
dicritakake.
Tuladha: Dina iki, 27 Desember 2009, ing wengi kutha Jakarta tansah
rame. Amerga bengi iki final AFF…….
c.
latar swasana utawa latar sosial kang nuduhake ciri-ciri panguripane
masyarakat. Latar iku gegayutan karo swasana
carita, tuladhane yen carita dumadi ing tahun rong ewunan ora bakal jenenge paraga
Juminem, Juminten, lan sapanunggalane.
Latar sosial ana gayutane karo status sosial paraga.
Tuladhane: Nalika kebo bule wis cedhak saka papan panggonanku
nonton kirab pusaka siji Sura, kahanan tansah anteng, kras sepi, ora ana mobah mosoking angin……
3. Alur
Alur yaiku unsur kang awujud rerangken kedadean kang
nuduhake anane tlonjong utawa arah marang saweneh perkara kang biasane
gegayutan karo wektu.
a.
Alur progresif, utawa alur lurus.
b.
Alur flash back, kilas batik.
Ing carita cekak biasane migunakake campuran ing
antarane loro mau.
Lakon crita
kaperang dadi bageyan-bageyan:
1) Pengenalan bab situasi utawa kahanan
crita (exposition)
Ing bab iki, pengarang ngenalake para tokoh, nata adegan lan hubungan
tokoh- tokohe.
2) Panjlentrehe
kedadeyan (complication)
Ing
bab iki, kedadeyan wiwitan kang dadi sumbering masalah kanggo para tokohe.
3) Nuju ana ing konflik, (rising action)
Ing bab iki, masalahe tokoh kang dialami saya tambah.
4) Pucuking
masalah (turning point)
Klimak crita. Ing baba iki nasib tokohe ditemtokake (kasil orane ngadepi
masalah)
5) Rerampungan
(ending)
Nasib-nasibe kang dialami para tokohe wis cetha uga bisa diarani rampung.
4. Sudut Pandang (Pamawas pangripta)
Sudut
pandang yaiku posisi pengarang ing satengahe kedadean ing carita cekak.
a. Sudut pandang wong kapisan, yaiku pengarang miebu ing carita minangka paraga
b. Sudut pandang wong katelu, yaiku carita kang pengarange ing sanjabane carita lan mung dadi pengamat
kedadean ing carita Ian ngerti sakabehe kedadean kang dumadi.
5. Tema
Tema
yaiku ide, gagasan, pokok pikiran, kang mujudake punjering carita kang kudu diugemi pengarang supaya caritane ora
nglantur.
6. Amanat
Amanat
yaiku pesan moral kang bakal diwenehake pengarang marang kang padha maca liwat carita cerkake.
7. Gaya basa
Basa sing digunakake pangripta ing sajroning carita. Utawa cara khas kang dienggo pangripta kanggo medharake pikiran lan rasa atine. Cara kang khas mau bisa dingerteni liwat ukara utawa tetembungan kang dienggo. Mula gaya basa iku nuwuhake rasa lan reaksi pamaca marang pikiran kang diandharake dening pengarang. Gaya basa ing jagad kasusastran Jawa bisa awujud basa rinengga, pepindhan, bebasan lan majas.
Basa kang ana ing crita kang nduweni kagunan kanggo nyiptakake nada utawa kahanan persuasif uga ngrumusake dialog kang bisa ngetokake hubungan lan interaksi tokkoh siji lan sijine.
Sing kudu digatekake nalika maca cerkak:
1. Wicara/Kualitas
Vokal yaiku ala becike aksara suwara/dhang-dhinge basa,
pocapan/lafal (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha) Pamacane
geguritan, pocapan kdu cetha, ora kena groyok, pelo utawa rangu-rangu, kejaba
kuwi pamacane cerkak kudu bisa ngucapake aksara kanthi bener, umpamane
mbedakake aksara (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha)
2. Wirama/Tata
cara/Etika maca cerkak yaiku lagu/iramane, maca cerkak, bisa
minangka pandudut (daya tarik) kanggone sing ngrungokake. Banter alone
wiramane becik kalarasake karo isine cerkak.
3. Wirasa/Greged/ penjiwaan
/Pemahaman. Wirasane nalika maca kudu kaetrepken karo isining
cerkak umpamane : nesu, gumbira, sedhih, sereng, wibawa, getun, lan sapanunggalane.
4. Wiraga/Ekspresi/mimik yaiku
cocog/jumbuhing solah bawa obahing badan, polatan, rasa. Obahing badan lan
polatan (mimik) kudu luwes (ora kaku), prasaja lan ora katon lamun
digawe-gawe.
Gawe Sinopsis Cerkak
Synopsis
yaiku ringkesan sawijining crita. Ringkesan yaiku salah sawijining wujud
nyekakake sawijing cerita kanthi tetep migateake unsure-unsur intrinsic
sawijing crita iku.
Gawe
synopsis iku cara kang efektif kanggo ngaturake sawijining crita kang dawa
sajroning wujud cekak. Sajronin g synopsis kaendahan gaya bahasa, ilustrasi lan
penjelasan-penjelasan diilangake, nanging tetep gumathok marang isi lan gagasan
umum pangripta.
Sinopsis
biasane dibatesi dening cacahing rai. Dawane synopsis biasane seperlima
utawa utawa sepersepuluh saka dawane karangan asline.
Carane gawe synopsis :
1. Maca naskah asli kanggo nggolek gagasa umume peulis
2. Nyatet gagasan utama kang penting
3. Ngrantam maneh gagasan utam dadi paragraph
4. Dialog lan monolog cukup ditulis isi utawa garis utamane
5. Synopsis ora kena owah saka lakune crita asli
Pandadaran
Wacan 1
Marno mono umure lagi ngancik pat belas taun, sekolahe isih
ana klas siji SMP Negri ing sakcedhake desane. Dheweke kuwi putrane Pak Dhukuh
Paren ya Pak Saiman, priyayi sing
kondhang sugih, becik atine, lan pinter momong rakyat ing padhukuhane. Eman, dene
anake lanang sing mung semata wayang iku beda banget watake karo wong tuwane.
Dhasar anake wong sugih mula sapenjaluke tansah keturutan. Yen Pak
Saiman karo sing putri mono, ora seneng nguja bocah, panyuwune putrane dituruti janji penting lan migunani tumrap sekolahe.
1.
Kang dudu wewatakane Pak
Saiman manut cuplikan cerkak ing dhuwur yaiku ....
a.
Becik atine
b.
Pinter momong rakyat
c.
Nguja anake lanang
d.
Nuruti panjaluke anak sauger
migunanikanggo sekolahe
e.
Ora seneng nguja anake lanang
2.
Pira putrane Pak Saiman
manut pethikan cerkak ing ndhuwur?
a.
Siji
b.
Loro
c.
Telu
d.
Papat
e.
Akeh
Wacan 2
“Punika ngaten. Kala wau
wonten ing jembatan penyeberangan ngajeng menika, piyambakipun dipunwastani nyopet arta. Dening
tiyang-tiyang kathah lajeng dipungebugi
ngantos kados ngaten. Keleresan kula sumerep, lajeng kula bekta wonten kantor polisi mriki
kaliyan ngrantos ambulans”, ngendikane sawijining bapak polisi njlentrehake.
3.
Wong sing digebugi mau
jalarane ….
a.
Nyolong dhuwit
b. Nyopet dhuwit
c.
Kecopetan dhuwit
d.
Didakwa nyopet dhuwit
e.
Arep nyopet dhuwit
4.
Pethikan crita ing ndhuwur
njupuk pandunungan .....
a.
Ratan
b.
Jembatan penyeberangan
c.
Mobil ambulans
d.
Kantor pos
e.
Kantor Polisi
5.
Intisarine cuplikan
cerkak ing dhuwur yaiku .....
a.
Masarakat padha kulina
main hakim
b.
Copet kudu dibrastha
c.
Yen ana ing jembatan
penyeberangan kudu ngati-ati
d.
Polisi kudu bisa nangkep
copet
e.
Polisi kudu paring pengayoman
marang sapa wae
6.
Amanat kang kinandhut ing
cerkak kena kanggo …
a.
Tontonan lan tuntunan
b.
Nambahi sesanggane
(beban) urip
c.
Kaca benggala(tuntunan) uripe
manungsa
d.
Mangerteni jati dhiri
manungsa
e.
Mangerteni jati dhiri bangsa
7.
Kang kalebu crita fiksi
gancaran kaya ing ngisor iki, kajaba .....
a.
Cerkak
b.
Cerbung
c.
Geguritan
d.
Roman
e.
Novel
8.
Wohing kasusastran Jawa kang
nyaritakake lakune paraga ing saperangan urip kang nabet (berkesan) lan biasane
ora luwih saka 5000 tembung diarani …..
a.
Novel
b.
Cerkak
c.
Cerbung
d.
Cergam
e.
Roman
9.
Tokoh ing cerita kang watak
wantune becik, tansah mbiyantu paragatama diarani tokoh…..
a.
Antagonis
b.
Tritagonis
c.
Deuteragonis
d.
Figuran
e.
Protagonis
10.
Carita kang nyritakake saka
klimaks banjur konflik nganti entek-entekan purnaning crita iku nggunakake
alur.....
a.
Maju
b.
Mundur
c.
Progresif
d.
Flasback
e.
Regresif
11.
Urutaning crita saka wiwitan
nganti pungkasan diarani …….
a.
Latar
b.
Pamawas
c.
Busananing basa
d.
Underaning crita
e.
Alur
12.
Papan lan wektu dumadine
crita ing cerkak diarani ……….
a.
Latar
b.
Pamawas
c.
Busananing
basa
d.
Konflik
e.
Alur
13.
Sajrone praktek maca cerkak,
ana bab kang kudu digatekake ing antarane wirasa, tegese ….....
a.
Ngucapake tembung kanthi
cetha
b.
Bisa nyuwarakake saben tokoh
kanthi becik
c.
Solah bawa trep karo naskah
cerkak
d.
Bisa mbedakake lan milahake
siji-sijine tokoh lan swasana ing cerkak
e.
Bisa nyuwarakake banter alone swarane
minangka pandudut (daya tarik)
14.
Ing ngisor iki titikane
cerkak, kajaba …...
a.
Asipat naratif
b.
Nyritakake sawijining tokoh
c.
Asipat fiktif
d.
Asipat argumentative
e.
Tokoh kang dicritakake ora
nganti owah saka nasibe
15.
Nanging esuke, mruput banget.
Sriyanto wis tekan omahe Hartini. Kagawa rasa kuwatir kelangan priya papan
ugeraning ati.
Pratelan cerkak kasebut nuduhake perangan ……..
a.
Latar
b.
Pamawas
c.
Busananing
basa
d.
Konflik
e.
Alur
16.
Tindak-tanduke Tini ana
owah-owahane. Dheweke wis ora nggunakake dhuwite kanggo jajan utawa dolanan.
Dhuwit sangu sekolah utawa dhuwit sing ditampa saka wong tuwane, age-age
dilebokake celengan.
Miturut pratelan ing ndhuwur watake Tini iku …..
a.
Gemi
b.
Ngebreh
c.
Boros
d. Medhit
e. Cethil
Wacan 3
“Dinten Kartini menika rak kangge ngurmati Raden Ajeng Kartini, awit piyambakipun sampun maringi tuladha ingkang kedah dipuntindakaken putri Indonesia. Wanita Indonesia menika kedah sekolah lan sinau supados saged sababag kalih para priyanipun. Kamangka kebaya menika rak satunggaling simbol kekiranganipun wanita, kados ingkang dipunngendikakaken Ki dhalang, bilih wanita menika asring kesrimpet tapih kabotan pinjung.” Jlentrehe Palupi.
(Kapethik saking cariyos cekak: Antarane Kartini
lan Palupi)
17.
Pethikan carita ing nduwur
kasebut nuduhake perangan …..
a.
Amanat lan irah-irahan
b.
Tema lan setting
c.
Tema lan watak
d. Setting
lan paraga
e.
Pamawas lan
paraga
18.
Wose crita (wacan 3) kasebut
yaiku ..........
a.
Palupi sarujuk menawa mengeti
dina Kartini
b.
Palupi ora sarujuk karo
pengetan dina Kartini
c.
Palupi sarujuk menawa
pengetan dina Kartini bocah putri padha nganggo kebaya lan jaritan
d.
Palupi ora sarujuk manawa
pengetan dina Kartini bocah putri padha nganggo kebaya lan jaritan
e.
Palupi sarujuk menawa ora
mengeti dina Kartini
19.
Kepriye manut panemune Palupi
ngenani kebaya iku?
a.
Kebaya pinangka simbol
kaluwihane wanita
b.
Kebaya pinangka simbol
kasulistyaning wanita
c.
Wanita kang nganggo kebaya tambah ayu lan
luwes
d.
Kebaya pinangka simbole
mengeti dina Kartini
e.
Kebaya pinangka simbol
kekurangane wanita
Wacana 4
Diajari korupsi
Sawijining dina, Glendhoh mertamu
ing omahe Klithuk, kanca lawas jaman isih sekolah SMA mbiyen. Pawakane Klithuk
isih ajeg kuru kaya ndek jaman mbiyen. Glendhoh dhewe saiki lemu ginuk-ginuk,
tandane wus nemoni sukses ing gaweane.
Glendhoh : Piye kabarmu Thuk?
Klithuk : Ya isih ngena-ngene wae Ndhoh. Kaya
sing mbok sawang iki.
Glendhoh : Lha piye ta? Mbok leh mu nyambut gawe sing
tenanan, ben isoh entuk dhuwit akeh.
Klithuk : Jan-jano nyambut gaweku ya wus
tenanan. Nanging tetep wae, uripku ajeg ngene. Ora tau cukup. Bojoku ya sambate
ngayawara saben dinane.
Glendhoh : Jaman saiki manawa nyambut gawe becik, kuwi
ora mungkin bisa nyukupi butuhe omah.
Klithuk
: Piye karepmu? Aku durung mudheng.
Glendhoh : Ngene. Tak kandani ya? Contone aku wae.
Gaweanku iki gawean cilik-cilikan ing kantor. Nanging piye carane supaya aku
bisa entuk dhuwit saliyane blanjanku saben sasi. Mula kuwi, uripku sakulawarga
sarwa kecukupan.
Klithuk : Lha piye carane? Mbok aku diajari supaya uripku ya
mundhak apik tinimbang saiki. Aku njagakake blanjan sasen saka bos-ku ya ora
sepiraa.
Glendhoh : Carane gampang banget. Korupsi. Njajala
korupsi, sithik sithik wae. Sing cilikan wae supaya ora konangan.
Klithuk : Korupsi?? Tenanan kuwi?
Glendhoh : Lha iya! Kaya sing ing tipi-tipi kae lho.
Wong-wong dhuwuran padha korupsi tur gedhen kabeh. Nek aku, cilikan wae sing
penting bisa kanggo nutup butuhe omah. Ayo, kowe mesthi ya bisa. Elingana
anak-bojomu sing saben dina mangane kurang-kurang.
Klithuk : Mengko dhisik Ndhoh. Sajane aku ya
mathuk karo usulmu kuwi. Nanging kayane aku iki ora bakal bisa korupsi ing
gaweanku.
Glendhoh : Lha ngapa? Pengawasane ketat po?
Klithuk : Ora babagan kuwi. Aku iki kerjane melu
wong, jasa sedot tinja. Lha sing ameh tak korupsi kuwi apa?? Saben dina mubeng
nguplek-uplek tinja.
Glendhoh : ??????!!!!!
20. Paraga kang saiki wis dadi lemu
ginuk-ginuk ing crita Diajari korupsi yaiku …
a. Klithuk
b. Bawana
c. Eri
d. Hayu
e. Glendhoh
21.
Wos surasane crita Diajari korupsi iku
yaiku …..
a.
Klithuk uripe rekasa
b.
Klithuk uripe kepenak
c.
Glendhoh ngajari korupsi
d.
Klithuk ngajari korupsi
e.
Glendhoh uripe rekasa
22. Apa sesambungan antarane Klithuk lan
Glendhoh ing critab Diajari korupsi iku?
a. Sedulur
b. Kanca lawas SMA
c. Wong tuwane isih sedulur
d. Tangga desa
e. Kanca kantor
Wacana
5
MAKMUR NING AJUR
……………………………………………………………………………………………………………………..” mengko mbengi
Mami arep kulak dagangan menyang Bandung, Pap. Dadi Papi sing kudu njaga kiose.
Eman-eman angger tutup, mengko rejeki atusan ewu ilang. Pokoke Papi kudu
bisa ijin,” Omonge bojone tambah rosa, tur madan kesuh.
Sugeng ora semaur.
Gagean motore destater terus diplayokna metu saka ngomah menyang sekolahan. Ora
nganti seprapat jam wis gutul. Montor diparkir, Sugeng
mlebu kantor terus njagong. Garapane sing wes tumpuk
undung ora disenggol acan merga pikirane putek kemutan polahe bojone sing
tambah wani goli ngatur wong lanang.
Jane Sugeng ya
jengkel. Umpamane ora melas, bojone arep dikampleng supayane dadi kawus.
Ning yen dipikir malah nambahi geger thok lan isin karo
tanggane. Mulane Sugeng trima meneng
bae. Sing aneh, Yanti gemiyen lagi isih mlarat ngundange Mas marang
Sugeng. Saiki bareng sugih ngundange Papi. Diundang Bu ora
gelem karepe Mami.
23. Saka pethikan cerkak nang dhuwur
wateke Yanti yakuwe…..
a. Sabar lan narima
b. Ngabekti maring wong lanang
c. Jujur lan ngati-ati
d. Wani lan seneng ngatur bojone
e. Seneng ngapusi
24. Uripe Yanti yen diumpamakna nganggo
paribasan yakuwe….....
a. Ana catur mungkur
b. Sing sapa nandur bakal ngunduh
c. Becik ketitk ala ketara
d. Jalukan ora wewehan
e. Kere munggah bale
25.
Ing ngisor iki sing dudu unsur intrinsik
cerkak yaiku …
a.
Paraga crita
b.
Pendhidhikan pengarang
c.
Busananing Basa
d.
Piwulang / pesen
e.
Pamawas Pangripta
26.
”Ngadeg neng
tlampik omah pancen dadi kesenenganku saben sore. Namatake sesawangan nalika
srengenge meh angslup. Manuk-manuk padha mulih neng susuhe, mabur
renteng-renteng neng langit sing wiwit mbrabak abang ndadekake sesawangan katon
endah. Sanajan sesawangan dikebaki karo gedhong-gedhong dhuwur nantang langit …
Latar
perangan crita ing dhuwur yaiku …
a. Wayah sore ing tlampik omah
b. Wayah surup ing tlampik omah
c. Wayah sore ing njero omah
d. Wayah surup ing njero omah
e. Wayah bengi ing tlampik omah
27.
”Wingi aku krungu kabar yen Pak Wiryo digawa anake
menyang Batam. Anake sing nate taktawani gaweyan biyen, wis lulus kuliah.
Cumclaude ! Dheweke dijaluk sawijining perusahaan Singapura ing Batam. Aku
kelingan marang apa sing nate diomongne Pak Wiryo: ”Yen nyawane kula tesih
kanthil raga mas, kula dereng kalah ….”
Pamawas
Pangripta perangan crita ing dhuwur yaiku …
a. Wong kapisan dadi paraga utama
b. Wong kapisan dadi paraga sampingan
c. Wong kapisan dadi paraga katelu
d. Wong kapisan dadi paraga kapindho
e. Wong kapindho dadi paraga utama
28.
Dene watake Pak Wiryo yaiku …
a.
Gampang kalah
b.
Tekade kuwat
c.
Sabar ing pandum
d.
Sombong
e.
Angkuh
29.
Piwulang sing bisa kapethik saka perangan crita ing
dhuwur yaiku ..
a.
Wong ngalah luhur wekasane
b.
Wong ngalah bakale ngundhuh
c.
Wong ngalah bakale kasiya-siya
d.
Wong salah bakale seleh
e.
Aja adigang, adigung, adiguna
30. ”Aku pancen wanita reged, Mas. Dadi
ora pantes yen kanggo sampeyan. Nanging saiki aku wis mertobat. Aku bakal
ninggalake panguripanku sing lawas. Mula yen sampeyan isih bisa nampa aku, aku
matur nuwun. Dene yen ora, aku mung pingin ketemu Eko lan Dewi. Sawise iku aku
bakal lunga sing adoh,” ujare kanthi memelas.
Unsur kang kinandhut ana cerkak ing
dhuwur sing paling kuwat yaiku …
a. Paraga
b. Amanat
c. Watak
d. Tema
e. Latar
31. ”Malah aku dikongkon ndang rabi
maneh,”bacute. Coba sampeyan deleng apa Bapak iki isih pantes rabi maneh, ta,
Nak?” Aku mung bisa mesem. Bapak tuwa kuwi banjur meneng suwe kaya-kaya lagi
mikirake nasibe.
Nilai
sastra perangan cerkak ing dhuwur yaiku …
a. Moral
b. Etika
c. Estetika
d. Ekonomi
e. Budaya
32.
”Udan wiwit esuk mau nggrejeh. Hawane adhem senajan
ora njekut, nanging wis nyebabake wong wegah metu kejaba wong kerja kantoran
utawa PNS, klebu sing pancen duwe kabutuhan ndheseg pilih njintel neng ngomah.
Nyetel tv, mangan enak lan liyane maneh sing sarwa enak.
Latar wektu perangan crita ing
dhuwur yaiku …
a. Mangsa rendheng
b. Mangsa pancaroba
c. Mangsa banjir
d. Mangsa panas
e. Mangsa ketiga
Wacana
6
Lagi enak-enak nonton acara TV , Hpku muni ngganter. HP tak angkat, aku
ndhisiki ngontak kana,” Halo apa iki bengkel mobil Kurnia? Swara wanita saka
sabrang kana. “Iya, iki sapa?” Pitakonku. ”Aku …Ninik mas, Ninik Indriani. Mas
Gun , aku njaluk tulung mas, mobilku mogok ning cedhak
lapangan desa Karang Endah.” “Iya-iya, sabar sedhela, aku tak mangkat mrana.” Karo mlayokake
pikepku, nganti ora tak rasa pikepku mbandhang satus kilometer per jam, merga
dalane lurus tur wis rada sepi merga
bengi. Bareng wis meh tekan cedhak lapangan desa Karang Endah, saka kadohan
kena sorot lampu jauh pikepku, katon ana toyota kijang superkap ijo lumut
mandheg neng suketan pinggir aspalan.
33. Sudhut pandhang perangan crita
ing ndhuwur yaiku......
a. Pawongan kapisan dadi paraga
kapindho
b. Pawongan katelu tunggal
c. Wong kapisan dadi paraga utama
d. Wong kapisan dadi paraga
sampingan
e. Wong kapisan dadi pawongan
katelu
34. Latar perangan crita ing
nduwur yaiku…...
a. Wayah sore ing omah
b. Wayah awan ing bengkel
c. Wayah awan ing cedhak lapangan
d. Wayah bengi ing cedhak
lapangan
e. Wayah isuk ing cedhak lapangan
35.
Dene alur crita cerkak ing nduwur, nganggo
alur….
a.
Campuran
b.
Flasback
c.
Maju
d.
Mundur
e.
Progresif
36.
Kenengapa ninik kok nelpon mas Gun….
a.
Amarga wedi dewekan
b.
Amarga sepi
c.
Amarga lagi kenal Mas Gun
d.
Amarga mobile mogok
e.
Amarga arep ijolan mobil
Wacana 7
“Bola-bali olehku kandha. Kowe kudu nyinau paramasastra jawa ta
Nduk..!“ Paramasastra kuwi perlu, ora mung urip sing nganggo tatanan karangan
ya duwe tatanan. Ukara ya duwe tatanan. Dadine wujud banjur bisa tumata.
Paramasastra kuwi perlu”. “Sampun
Eyang, sampun nate dalem sinau..”
“Disinau njur ditrapake
pisan ora kok mung angger diwaca sabrebetan”
“Dadosipun mesthi sae
inggih Yang ?
“Upamane uwong dadi wong
sing ngerti unggah-ungguh kae.”
37. Piwulang kang bisa kapethik
saka perangan crita ing ndhuwur yaiku…..
a. Bocah kudhu sregep sinau
b. Bocah kudhu duwe tatanan
c. Bocah kudhu manut simbahe
d. Bocah kudhu gelem sinau paramasastra
e. Bocah kudhu gelem sinau basa
jawa
38. Dene watake eyang kepriye…..?
a. Wong kang seneng nesu
b. Wong kang iseh ngugemi parama
sastra lan unggah ungguh basa
c. Wong kang seneng nggatekake
putu
d. Wong kang sepuh
e. Wong
kang sregep sinau
39. Antok ndhepipis ing bangku
pojok mburi. ”Aku wis kapok nglakoni iki. Suwe-suwe mesthi bakale konangan. Aku
wedi yen ditokake saka sekolah iki. Aku ora arep njaluki dhuwite bocah kelas X
maneh.”
Nilai sastra perangan crita ing dhuwur yaiku….
a. Moral
b. Etika
c. Estetika
d. Ekonomi
e. Sosial
40. “Lak ya wis ngrasakake larane
kepriye ta,nok?
Ya kuwi entuk-entukane yen
bacah dikandani ora kena, malah nggugu karepe dhewe. Wis ,arep mbok kapakake
motormu sing wis ajur kabeh kuwi!” Anik mung meneng, nanging sajroning atine
getun.
Pesen ing perangan cerita ing dhuwur yaiku…
a. Seneng ugal-ugalan
b. Wong nandhur bakal ngundhuh
c. Alon-alon waton kelakon
d. Mikul dhuwur mendhem jero
e. Aja grusa-grusu
Wacana 8
Muga-Muga
Diparingi Eling
Dadi wong tuwa sing nduwe anak kelas VI SD, kelas IX SMP
utawa kelas XII SMA padha mumet ,mikir kepriye carane nyekolahke anake menyang
sekolahan sing dikepingini anake. Manawa kari mlebu sekolah jane ya neng
endi-endi wahe bisa, nanging kadhang ora cocok karo kekarepane. “Bapak! Mangke
kula mlebet SMP Karang Pucung mawon, nggih!“ omonge Novi sing lagi lulus SD 14
Gontawangi. “ Iya-iya….” Bapak mbombong-mbombongi. “Bapak, kula milih mlebu SMA
2 Purwokerto mawon nggih, soale sekolahanipun terkenal favorit,” guneme Gatot
marang bapake. ”Ngrembuk bab napa, Kang? pitakone bapake Darmin…” Ngrembuk bab
sekolah….”omonge Bapake Gatot.
“Lah keleresan niku,…. Critane kula niki ajeng
nyuwun tulung kalih bapake Gatot.” “Tulung apa, si?”
“Anak kula, Darmin kepengin mlebet ing
SMA 103 Purwojati, nanging bijine niku mung pas-pasan. Rata-rata ujian gur
gangsal…. Duka niku , Niku mawon sampun lumayan saged lulus!”
“Kuwi udu bisa lulus! Dilulusake….!
Mesakake….”
“Lah niku , kajenge kula niku ajeng nyuwun
tulung kalih Bapake Gatot, njenengankan kenal kalih guru-guru SMA 103 Purwojati
ngriku. Mulane tulunglah anak kula ben saged ketampi teng ngriku, soal amplop …
beres!
“ Oalah….oalah dudu perkara amplop
sing marai beres….. sing mesti Darmin kon luru sekolahan alternatif. SMA 103
Purwojati gudhange wong pinter-pinter…mengko yen Darmin keponthal-ponthal malah
stress angel olehe nambani.”
“ Apa amplop kula tambah? Setuju? Kula
ngertos beres….!”.
”Kang…! Anggepe njenengan aku iku apa
sih? Tak omongi, mesakake Darmin… yen arep nyogok sakmono akehe langsung wae
karo kepala sekolahe! Syukur yen kepala sekolahe sipate padha karo njenengan,
seneng dhuwit amplop sogok suap, lha yen kepala sekolahe kuwi wonge terpuji?
Morale bener? Sida-sida njenengan didamprat mentah-mentahan!”
Sidane bapake Darmin bali ngluntung ora oleh gawe. Embuh
kepriye akhire, kuwi urusane Bapake Darmin ….Muga-muga ben diparingi eling !
(Kapethik saka Jaka
Lodhang, dening mas Guru)
41. Pachelathon ing nduwur
nyeritakake bab apa?
a. SMA 103 Purwojati
b. SMA 2
Purwokerto
c. Bapake Darmin
d. Golek
sekolah
e. Bapake Gatot
42. Kepriye watake Bapake Darmin?
a. Tukang
nyogok
b. Apikan
c. Tukang
nggunem
d. Sabar
e. Tresna marang anake
43. Piwulang sing bisa kapethik
saka “Muga-muga diparingi eling” yakuwi…..
a. Dadi wong kudu seneng srawung
b. Dadi wong kudu sregep
c. Dadi wong kudu tresna marang
anak
d. Dadi wong ojo seneng golek sekolahan
e. Dadi wong ojo seneng nyogok
44. Sapa wae sing lagi guneman ana
ing pachelathon kuwi?
a. Novi, Darmin , Bapake Gatot.
b. Novi, Gatot, Darmin.Bapake
Darmin.
c. Novi, Gatot, Darmin, Bapake
Gatot.
d. Novi, Gatot, bapake Gatot,
bapake Darmin.
e. Novi, Bapake Gatot, Darmin,
Gatot
45. Sapa sing bingung luru
sekolahan?
a. Novi
b. Gatot
c. Bapake Darmin
d. Bapake Gatot
e. Darmin
46.
“Ibuk, tindak dhateng toko badhe …....... menapa? Kok
boten nimbali kula mawon, janipun kula ugi badhe …. ...Buku tulis kangge
cathetan.”
Tembung kang
bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku .... .....
a.
mundhut, mundhut
b.
mundhut, tuku
c.
tumbas, tumbas
d.
tumbas, mundhut
e.
mundhut, tumbas
47. “Mas, kula dipundhawuhi Bapak,
sampeyan dipundhawuhi ..…. rumiyin, sabab Bapak kala wau sampun …. wonten
kantor.”
Tembung kang
bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ….
a. dhahar, dhahar
b. nedhi, dhahar
c. maem, dhahar
d. nedhi, nedhi
e. dhahar, maem
48. “Bapak menawi tindak kantor...........sepeda, dene
kula menawi...........sekolah
cekap mlampah kemawon”.
Tembung kang
bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ….
a. numpak –
mangkat
b. nggenjot - lunga
c. nitih – bidhal
d. nitih –
tindak
e. numpak – bidhal
49. “Mbah, sumangga panjenengan .......…. rumiyin,
kula …......... ..mangke kemawon”.
Tembung-tembung
kang trep kanggo njangkepi ukara nang dhuwur yaiku …..
a. tindak-lunga
b. lunga-
bidhal
c. kesah-tindah
d. tindak-bidhal
e. bidhal-lunga
50. Dina iki penjenengan arep tindak
ngendi, Mas? Yen ora ana acara aku arep nyuwun tulung. Basa kang digunakake
yaiku …
a. Ngoko Alus
b. Krama
c. Ngoko lugu
d. Krama Alus
e. Krama Andhap
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapus