Wacana Deskripsi
Wacana Diskripsi
Tembung deskripsi asale saka basa Latin yaiku descripcere kang
tegese nulis utawa njlentrehake sakwijining bab/perkara.
Wacana deskripsi yaiku wacana kang nggambarake
objek kanthi tujuan supaya wong kang maca ngrasa kaya nyawang dhewek
objek kang digambarake.
Dadi, tegese teks deskripsi yaiku wacan kang
nggambarake sawijining bab kang adhedhasar kasunyatan, nggunakake tetembungan
cetha lan kaprinci. Ancase saka teks deskripsi yaiku menehi penerangan utawa
peprincen sawijining obyek saengga pamaca kaya-kaya melu weruh, ngrungokake,
ngrasakake, utawa ngalami apa kang dijlentrehake ing teks kasebut. Tuladhane,
arep nggawe teks deskripsi babgan omah, mesti kang digambarake yaiku, wujude
omah, gedhene omah, jinis wangunane, desain arsitekture, lan bab liyane kang
bisa nggambarake omah kasebut. kanthi cara mangkono, pamaca bisa mangerteni
blegere omah lumantar teks kang ana.
Deskripsi uga duwe teges perincian utawa gambaran. Mrinci tegese gambarake
perkara tartamtu. Carane nulis deskripsi, siswa ngamati (ngemati kanthi
premati) objek kang didadekake sumber tulisan. Objek sing dirinci/digambarake
bisa samubarang; prastawa, pawongan, kawanan, tanduran, lingkungan, alam, lsp.
Miturut wujud carane njlentrehake, deskripsi kaperang dadi telung jenis,
yaiku:
1. Deskripsi wong utawa barang utawa kewan,
yaiku deskripsi kang nerangake babagan ciri fisik utawa melok mata utawa
tingkah lakune.
2. Deskripsi panggonan utawa papan, yaiku
deskripsi kang nerangake babagan panggonan utawa papan.
3.
Deskripsi kadadeyan, yaiku deskripsi kang
nerangake babagan kadadeyan.
Deskripsi kang adhedhasar pengamatan kalebu rincian/gambaran kasunyatan. Gambaran
kasunyatan iki mratelakake yen pawongan, panggonan, kewan, prastawa, barang,
lsp Bisa digambarake/dirinci kanthi trep kaya kahanan sing saknyatane.
Tuladha deskripsi:
a.
Deskripsi barang umpamane bisa njlentrhake
warna, model, wujude lsp
b.
Deskripsi pawongan umpamane bisa
njlentrehake praupane, dedege, wateke lsp.
Wacan deskripsi tumrap barang bisa ditulis kanthi landhesan ngamati utawa
ngrungokake. Tuladhane saka ngrungokake siaran langsung pertandhingan bal-balan
lewat radhio siswa bisa nulis wacan deskripsi kang nggambarake kahanane
pertandhingan.
Ciri-ciri wacana deskripsi:
1. Nggambarke samubarang
2. Nggunakake panca
indra (pandeleng, pangrasa, pangrungu, pangganda, lan pangecap).
3. Bisa ngajak pamaca kaya-kaya pamaca bisa
ndeleng dhewe, ngrasa dhewe,krungu dhewe,ngambu/ngganda dhewe,lan ngecap dhewe.
Kaya dene jenis teks liyane, teks deskripsi nduweni struktur. Teks deskripsi iku nduweni
rong struktur, yaiku deskripsi umum lan deskripsi bagean, titikane deskripsi
umum yaiku awujud pranyatan umum obyek kang digambarake. Dene deskripsi bagean
yaiku bagean-bagean obyek kang digambarake.
Kajaba nduweni struktur, teks deskripsi bisa dititeni saka perangan-perangan
ing ngisor iki:
1.
Nggabarake sawijining bab.
2.
Anggone nggambarake sawijining bab
dilakoni kanthi cara ngrangsang kabeh indera manungsa.
3.
Bisa nggawe pamaca utawa wong sing krungu
bisa ngrasakake lan weruh dhewe bab kang digambarake.
4. Menehi panjlentrehan ngenani obyek kang
dideskripsikake, bisa awujud warna, ukuran, sipat lan liya-liyane.
5.
Pola pengembangane awujud spesial lan
obyektif.
a. Pola pengembangan spesial yaiku pola
pengembangan teks deskripsi kang adhedhasar urutane wektu.
b. Pola pengembangan sudhut pandang utawa
objektif yaiku pola pengembangan teks deskripsi kang adhedhasar papan lan
posisi penulis sajroning nyawang sawijining bab.
Urut-urutane nulis wacana deskripsi:
1.
Nemtokake underaning perkara (tema)
2.
Ngumpulake katrangan kanthi njingglengi bab
kanga rep ditulis.
3.
Nyathet perangan-perangan bab kanthi
tlesih.
4. Nulis kasile njingglengi mau kanthi urut,
cetha, urip,lan nggunakake tembung-tembung kang trep.
5. Naliti lan mbenerake ukara supaya dadi
karangan kang becik.
Ø Nemtokake Pokok-pokok Isi Teks
Deskripsi
Miturut papan ukara baku, paragrap kaperang dadi lima jinis :
1.
Paragrap
deduktif
Paragrap
deduktif yaiku paragrap kang ukara bakune mapan ana wiwitane paragrap.
Dijlentrehake
saka bab kang umum ( kagambarake ing ukara baku ) tumuju bab kang luwih kusus (
kagambarake ing ukara panerang )
2.
Paragrap
induktif
Paragrap induktif titikane mapaning pungkasaning/wasananipun / buri paragrap.
Diandarake
kanthi cara ngudal bab kang kusus tumuju bab kang sipate umum.
3.
Paragrap
deduktif-induktif
Paragrap
deduktif-induktif yaiku paragraf kang ukara bakune mapan ana ngarep lan
pungkasaning paragrap. Ukara baku iki mapan ing wiwitan paragrap, sabanjure
diterangake lumantar ukara-ukara panerang, nuli disimpulake maneh ing
pungkasaning paragrap.
4.
Paragrap
ineratif
Paragrap
ineratif yaiku paragrap kang ukara bakune mapan ana tengah-tengahing paragrap.
5.
Paragrap
tanpa ukara baku
Ora
saben paragrap nduweni ukara baku. Nanging ora ateges paragrap kuwi ora nduwe
gagasan baku, awit gagagasan baku dipapanake ana kabeh ukara. ukara iki kerep
digunakake ing carita (wacana Narasi)
v GLADHEN
1. Andharna
kanthi gamblang apa kang diarani
wacana deskripsi!
2. Andharna
titikane teks deskripsi!
3. Andharna urut-urutane nulis wacana deskripsi!
4. Miturut wujud carane njlentrehake, deskripsi kaperang dadi telung jenis.
Sebutna lan jlentrehna!
5. Apa ancase panulisan teks deskripsi?

OMAH ADAT
JAWA
Omah adat Jawa kang salah sijine yaiku Joglo, kang dibangun miturut kapercayan utawa filsafat Jawa. Omah Joglo nduweni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur lan wujude bujur sangkar.
Wewangunan omah joglo iku ana
perangan peerangan kang gumathok, ing antarane yaiku:
1. Pendhapa
Dhumunung ing ngarep dhewe, fungsi
utamane kanggo nampa tamu. Perangan iki tansah dibukak tanpa wates ruwangan.
Wujud kang tinar buka iki ora tanpa ngemu teges.Iki aweh pralambang luhure
pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake kerukunan lan kekadangan. Uga
nglambangake sipat rinaket ing antarane kang duwe omah karo tamu kang rawuh,
luwih-luwih kudu bisa ngurmati. Ruwangan iki uga digunakake kanggo ngrembug
sawenehe perkara kang asipat kadonyan. Umpamane ngrembug babagan pagaweyan,
bisnis, dagang, lan sapiturute. wujud ruwangan kang tinarbuka iku uga minangka
sawijining karep njumbuhake karo iklim lingkungan kang tropis mula ruwanganne
digawe teras kang jembar ing sisih ngarepe, ora kena soroting srengenge amarga
kanthi payon gantung kang amba, menthang nganthi tekan pojok-pojok payon joglo.
2. Pringgitan
Janjane ruwangan iki isih kalebu
papan umum/publik. Ing jaman biyen ruwangan iki kerep digunakake kanggo gelar
wayang kulit utawa upacara tradhisional liyane. Amarga kerep digunakake kanggo
gelar wayang kulit, mula dijenengke pringgitan
saka tembung ringgit kang ateges wayang. Wewangunan iki uga ora tanpa
teges. Ruwangan iki dibangun kanthi ancas nuduhake yen manungsa iku duwe
kewajiban nguri-uri lan ngrembakakake seni lan budaya. Mula ing jamane seni lan
budaya tradhisional isih kuncara anjayeng bawana (kondang), amarga img saben omah
joglo diwenehi ruwangan pringgitan.
3. Dalem Ageng
Wujude persegi lan tinutup deneng
gedheg ing patang sisih. Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan
baku ing wewangunan omah tradhisional Jawa. Perangan ndalem iku perangan kang
digunakake kanggo kulawarga, mula asipat luwuh tinutup. iki nudhuhake lamun
urusan kulawarga iku dirembug kanthi bebarengan, lan wong liya ora kudu ngerti
urusan pribadine kulawarga. Mula
pribadine manungsa iku sejatine kudu bisa njaga kawibawane kulawarga, ora kena
martakake kahanan kang ana ing sajroning kulawarga. Umpama ana perkara kang
kudu dirembug, kudu dirembug kanthi musyawarah kulawarga. Kanthi cara
musyawarah bisa ngudhari parkara kang lagi disandhang.
Ruwangan iki minangka ruwangan kang
istimewa. Ing wiwitane fungsi utama ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa
turu kang duwe omah , yaiku kanggo nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti aji
liyane. Kang duwe omah nalika nindakake
ngibadah uga katindakake ing ruwangan iki. Mula ing ruwangan iki
dikantheni kasur, dipan, bantal lan guling. Ruwangan iki ateges nudhuhake yen
manungsa iku tansah eling marang Gusti kang paring kanugrahan. Tembung nDalem
ing masyarakat Jawa uga diarani papan kanggo panggonan. Mula saka kuwi
sajroning omah njero iki ana senthong utawa kamar, senthong iku kapilah dadi
telu:
1) Senthong Tengen
Mapan ing sisih tengen, ing kamar iki
sumadya amben/dhipan lan piranti kanggo turu liyane, kamar iki kanggo turu lan
leren tumrap wong lanang . Mapan ing sisih tengen iku mengku makna manawa wong
lanang iku dadi kuwajiban ngayomi wong kang ana sajroning omah kasebut. Papan
sisih tengen nduweni makna sinandhi supaya sakabehing gegayuhan iku bisa
kasembadan kudu tansah nengenake tumindak kang utama. Lan dadi pangayoman
tumrap sing ana sisih kiwane.
2) Senthong Tengah utawa Krobongan
Papan kanggo nyimpen pusaka lan
pamujan marang Dewi Sri. Senthong tengah minangka papan palin suci utawa
pribadi kanggone sing duwe omah. Ing sajrone krobongan kasimpen bandha pusaka
sing ndhuweni makna gaib sarta pari asiling oanen kapisanan. Dewi Sri uga
dianggep minangka kang nduweni omah utawa bandara kang sabenere. Sajroning
krobongan sumadya amben, kasur lan guling, yaiku paturon kang sepisanan kanggo
penganten anyar, bab iki nduweni makna minangka pasawijen Dewa Komajaya lan
Dewi Kamaratih yaiku dewaning katresnan. Papan tengah iku nduweni makna enering
panembah konjuk marang Gusti kang amuraba jagad saisine.
3) Senthong Kiwa
Ing kamar iki sumadyan amben pepak
piranti kanggo turu liyane, minangka papan kanggo turu lan ngaso tumrap wong
wadon. Papan sisih kiwa nduweni makna tansah ngiwakake lan nyingkiri tumindak
kang ala. Pakarti kang ala kudu
disirnakake.
4. Gandhok utawa Pawon/pekiwan
Gandhok minangka sawijining kamarnsing
ana ing sisih tengen lan kiwa Pringitan lan Omah Dalem, wujude wangunan kang
dawa lan panggonanne dipisahke saka wangunan utama kanthi latar minangka
pemisah; Umume gandhok digunakake minangka papan turu kanggo kulawargane, sanak
kulawarga lan panggonannyimpen barang-barang omah lan digunakake minangka
lumbung kanggo nyimpen bahan pangan. Gandhok kasusun saka rong ruwangan yaiku
Gandhok Kiwa lan Gandhok Tengen.
Gandhok utawa Pawon kang mapane ing
mburi dhewe utawa mburi Omah Dalem, fungsine kanggo masak lan kanggo adus.
Sanadyan katon prasaja, nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat
pribadi lan duwe nilai luhur. Nulad saka guna panganggone, mula dipapanake ana
ing mburi, supaya wong liya ora ngerti nalika sin nduwe omah reresik diri lan dhahar.
Bab iki nuduhake yen menungsa iku duwe sipat setiti lan ngati- ati, tegese ora
boros lan tansah njaga kapribadene kang siningit.
v Nilai kang kakandhut saka wacana deskripsi Omah Adat/tradisional Jawa :
Ø Nilai Adat / Tradhisi
Adat bisa uga tradhisi wis dadi pakulinan
turun temurun sajroning masyarakat. Sajroning tradhisi kakandhut akeh kearifan,
pituduh paling caket nindakake kabudayan kanggo bangsa lan negara. Ana ne omah
adat Jawa iki ngandhut nilai tradhisi utawa adat Jawa kang ndhisike amung
diduweni dening para penggede lan kerabat bangsawan.
Ø Nilai Historis (sejarah)
Anane Omah adat Jawa mujudake fakta
sejarah kang nganti saiki isih tinemu ing masyarakat Jawa, mligine Jawa Tengah.
Kandhutan nilai sejarah iki bisa didakeake dhata budaya kita kang sejatine kudu tetep dilestarikake.
Ø Nilai Budaya
Omah adat tinggalane para leluhur, mligine
omah adat joglo, klebu salah siji asil kabudayan kang nduweni makna filosofis
budaya Jawa. Anane motif utawa ragam hias kang digunakake ing wangun omah adat
joglo nuduhake bukti anane budaya kang kudu dimangerteni dening para generasi
mudha.
Ø Nilai Agama/ Religi
Wangun omah adat Jawa
iki diwangun kanthi netepake werdi kang becik. saben bagean omah nduweni werdi
lan guna dhewe-dhewe, klebu kanggo kagiyatan ibadah kulawarga kang nduweni omah
kasebut. Bab iki dadi bukti menawa omah adat joglo iku ngandhut nilai agama.
PANDADARAN
A. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, d utawa e
ing wangsulan kang bener !
1.
Ing ngisor iki babagan kang digambarake
ing teks deskripsi, kajaba....
a.
kaendahan alam
b.
kahananing jasmani
c.
papan panggonan
d.
watak
e.
pengalaman pribadi
2.
Teks deskripsi nduweni perangan-perangan
kang mbedakake karo jenis teks liyane. Ing ngisor iki klebu perangan teks
deskripsi, kajaba....
a.
nggambarake sawijining bab
b.
bisa nggawe pamaca kaya kaya ngrasakake
lan weruh dhewe bab kang digambarake
c.
nggambarake sawijining bab kanthi cara
ngrangsang kabeh indera manungsa
d.
jlentrehake prastawa kanthi urut-ututan
wektu
e.
pola pengembangan awujud spasial lan
objektif
3.
Pura mangkunegaran yaiku istana papan
palenggahane Sri Paduka Mangkunegara ing Surakarta lan diwangun sawise taun
1757 kanthi nurut modhel kraton kang luwih cilik. Secara arsitektur, wangunan
iki nduweni ciri kang padha karo kraton
yaiku ing bagean pendhapa, pringgitan, dalem lan kaputran, kang kabeh
iku diubengi tembok kang bakoh.
bab
kang dirembug ing paragrap deskripsi kasebut, yaiku...
a.
Sri Paduka Mangkunegara
b.
modhel omah ing Surakarta
c.
Pura Mangkunegaran
d.
Kraton Solo
e.
ciri arsitektur pura
4.
(1) Nyathet
perangan-perangan bab kanthi tlesih.
(2) Nemtokake underaning perkara (tema)
(3) Naliti lan mbenerake ukara supaya dadi karangan kang becik
(4) Ngumpulake katrangan kanthi njinggleni bab kanga rep ditulis.
(5) Nulis kasile njingglengi mau kanthi urut, cetha, urip,lan
nggunakake
tembung-tembung kang
trep.
Urut-urutane nulis wacana deskripsi:
a.
1, 2, 3, 4, 5
b.
2, 1, 4, 5, 3
c.
2, 4, 1, 5, 3
d.
2, 1, 4, 3, 5
e.
2, 4, 1, 3, 5
5.
Museum Diponegoro manggon ing Magelang,
persis ing dalan Diponegara No. 1. Gedhunge manggon ing sisih kiwa Pendhapa
Karesidhenan Kedu kang dibangun 1810. Ing kene biyen Pangeran Diponegoro
diapusi dening Walanda. Ing museum iki kasimpen meja kursi kang ana guratane
kuku pangeran dipanegoro, klambi kang ukuran
dhuwure 1,57 meter lan ambane 1,35 meter, digawe saka bakal shantung.
Wacana
deskripsi ing dhuwur klebu deskripsi...
a.
deskripsi panggonan
b.
deskripsi uwong
c.
deskripsi barang
d.
deskripsi kadadeyan
e.
deskripsi kewan
6.
Apa kang dadi pokok wacan ing dhuwur?
a.
Museum Diponegoro
b.
Jalan Diponegoro
c.
Pangeran Diponegoro
d.
Klambine Diponegoro
e.
Perang Diponegoro
7.
Ing jaman biyen ruwangan iki kerep
digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara tradhisional liyane.
Amarga kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit, mula dijenengke ….
a.
Pendhapa
b.
Dalem Agung
c.
Pringgitan
d.
Krobongan/senthong
e.
Gandhok atau Pawon/pekiwan
8.
Ing perangan njero omah Joglo ana kang
diarani gedhongan kang diembakake kaya dene mihrab, papan panggonan kanggo imam
kang mimpin shalat. Bab iki nglambangake….
a.
Sapa pawongan kang duwe omah
b.
Manungsa iku makhluk sosial kang ora
bisa nglakoni urip kanthi dhewekan.
c.
Karukunan lan katarbukan
d.
Saliyane dadi papan panggonan ngeyup,
bisa uga kanggo papan ngabekti marang Gusti kang dipercaya.
e.
Manungsa kudu duwe sipat prihatin lan
ngendhaleni hawa nepsu yen pingin kepenak ing tembe mburine.
9.
Ing omah Joglo payon digawe wujud
trap-trapan lan undha usuk mendhuwur. Bab iki mralambangake....
a.
Manungsa kudu duwe sipat prihatin lan
ngendhaleni hawa nepsu yen pingin kepenak ing tembe mburine.
b.
Ana sesambungan antaraning manungsa lan
manungsa, manungsa karo Gustine.
c.
Manungsa iku makhluk sosial kang ora
bisa nglakoni urip kanthi dhewekan.
d.
Karukunan lan katarbukan
e.
Saliyane dadi papan panggonan ngeyup,
bisa uga kanggo papan ngabekti marang Gusti kang dipercaya.
10. Cagak
cacah papat kang ana ing sisih tengah omah joglo diarani....
a.
Umpak
b.
Soko guru
c.
Pengeret
d.
Blender
e.
Sunduk
11. Desain
omah joglo ora namung nduweni nilai estetika, nanging uga ngandhut piwulangan
kang becik. Bab iki bisa dijupuk saka ancase wujud lawang dalem kang luwih
andhap saenggo ndadekake dhayoh kang ngliwati lawang kasebut kudu nundukake
mustaka. Menawa mustakane ora ditundhukake mengko bisa ketatap. Piwulang kang
bisa dijupuk saka wujud lawang ing omah joglo kasebut yaiku piwulang sopan
santun.
Bagean
omah joglo kang dirembug ing wacan kasebut yaiku....
a.
pendhapa
b.
senthong
c.
lawang
d.
pawon
e.
cagak
12. Piwulang
kang bisa dijupuk saka tumindak nundhukake mustaka nalika mlebu omah joglo
yaiku.....
a.
unggah ungguh basa
b.
kaendahan
c.
sopan santun
d.
karukunan
13.
Manut bentuk payone gambar omah ing dhuwur kalebu jenising omah adat Jawa....
a.
Joglo
b.
Limasan
c.
Kampung
d.
Panggang Pe
e.
Tajugan/Masjidan
Manut bentuk payone gambar omah ing dhuwur kalebu jenising omah adat Jawa....
a.
Joglo
c.
Kampung
d.
Panggang Pe
e.
Tajugan/Masjidan
Manut bentuk payone gambar omah ing dhuwur kalebu jenising omah adat Jawa....
a.
Joglo
b.
Limasan
c.
Kampung
d.
Panggang Pe
e.
Tajugan/Masjidan
16. Omah
adat joglo iku mujudake fakta sejarah kang nganti saiki isih tinemu ing
masyarakat Jawa, mligini Jawa Tengah, ateges omah adat joglo nduweni nilai...
a.
adat
b.
budaya
c.
agama
d.
historis
e.
tradhisi
17. Wangunan
omah adat Jawa iki diwangun kanthi netepake werdi kang becik. Saben bagean omah
nduweni werdi lan guna dhewe-dhewe, kalebu kanggo kegiyatan ibadah kulawarga
kang dhuweni omah kasebut. Bab iki dadi bukti menawa omah adat joglo iku uga
ngandhut nilai........
a.
adat
b.
budaya
d.
historis
e.
tradhisi
18. Ruwangan
kang wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan iki
minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional
Jawa. Dene kang digunakake kanggo kluwarga, mula asipat luwih tinutup (privasi), yaiku ….
a.
Pendhapa
b.
Krobongan/senthong
c.
Pringgitan
d.
Gandhok atau Pawon/pekiwan
e.
Dalem Agung
19. Ruwangan
iki minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane fungsi utama ruwangan iki
saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, yaiku kanggo nyimpen maneka
wujud pusaka lan piranti aji liyane. Ruwangan iki diarani ….
a.
Pendhapa
b.
Krobongan/senthong
c.
Pringgitan
d.
Gandhok atau Pawon/pekiwan
e.
Dalem Agung
20. Papane
ana ing mburi dhewe. Fungsine kanggo masak lan kamar mandi. Sanajan katon
prasaja, nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat pribadi lan
duwe nilai luhur, yaiku ….
a.
Pendhapa
b.
Krobongan/senthong
c.
Pringgitan
d.
Gandhok atau Pawon/pekiwan
e.
Dalem Agung
B. Jumbuhna pitakonan ing ngisor iki
marang wangsulan kang wis cumepak ing satengene!
1.
Wewangunan kang nduweni payon
mung sesisih, iku diarani...
2.
Ing jaman biyen ruwangan iki
kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara tradhisional
liyane. Amarga kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit, mula dijenengke
….
3.
Watu sangganing cagak utawa kang
kanggo ganjel cagak diarani...
4.
Wong iku kudu nduweni wawasan
kang jembar, tresna marang sapadha-padhaning urip tanpa mbedakake siji lan
sijine, kabeh karengkuh tan mingkuh lan rasa pakewuh. Ukara iki nudhuhake
makna filosofi kanggo bagean omah....
5.
Balungan omah kang minangka
pambenggange cagak, yaiku....
6.
Sing nyangga wuwungan utawa molo
iku diarani....
7.
Pola pengembangan
teks deskripsi kang adhedhasar urutane wektu.....
8.
Pola
pengembangan teks deskripsi kang adhedhasar papan lan posisi penulis
sajroning nyawang sawijining bab
9.
Deskripsi kang
nggambarake bagean-bagean sawijining obyek ....
10. Wangunan
nganggo saka guru lan patang empyak nanging tanpa wuwungan.....
|
A.
Deskripsi Umum
B.
Ompak
C.
Panggang Pe
D.
Tajug
E.
Deskrepsi Bagean
F.
Pangeret
G.
Deskrepsi Spesial
H.
Deskripsi Objektif
I.
Pringgitan
J.
Senthong
K.
Ander
L.
Pendhapa
|
C. Wangsulana pitakon-pitakon iki
kanthi patitis!
1.
Sebutna lan jlentrehna kanthi gamblang
struktur wacana deskripsi!
2.
Senthong ana tengah diarani krobongan.
Apa sebabe diarani papan kang suci? Jlentrehna!
3.
Temtokna idhe pokok paragraf ing ngisor
iki!
Joglo yaiku omah adat tradisional
suku Jawa. Omah joglo duweni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur. Ana
maneka jenis omah joglo, ing antarane joglo limasan, joglo sinom, joglo
pangrawit, lan sapiturute. Omah jinis joglo nduweni struktur wangunan kang unik
kang lumrahe nduweni rong bagean pokok yaiku bagean pandhapa lan bagean njero.
Anane wangunan omah iki mesthi ana filosfi utawa maknane.
4.
Sebutna lan jlentrehna nilai-nilai kang
kakandhut ing teks deskripsi omah adat Jawa!
5.
Nulad saka guna panganggone, apa sebabe pawon
lan pakiwan iku dipapanake ana mburi lan apa maknane pakiwan iku? Andharna
kanthi gamblang!
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusKuncinya mana?
BalasHapusKuncinya mana?
BalasHapusSelamat pagi
BalasHapusAssalamu'alaikum
Hapus