Nganggit Tembang Macapat






Tata carane nganggit/gawe tembang macapat supaya gampang kudu mangerteni urut-urutane, yaiku:
1.      Nemtokake lan nulis gagasan apa kang bakal digawe ing tembang.
2.      Nemtokake tembang apa kang bakal digawe, mijil, maskumambang lan liya-liyane.
3.      Nulis guru gatra, guru wilangan lan guru lagune.
4.      .Gawe ukara-ukara (kalimat) kang salaras karo paugerane tembang macapat.
5.       Tlitinen maneh tembung-tembunge lan ukara-ukara kang kogawe mau, kudu cocok karo paugerane tembang sing kogawe lan kudu nyambung antara gatra siji lan sijine.



I.  Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, d utawa e tumrap wangsulan kang bener!
1.     Surasa wigati piwulang ing Serat Wedhatama pupuh pangkur, yaiku....
a.     Piwulang ukum
b.    Piwulang ngelmu lan ngamal
c.     Piwulang ngibadah marang Gusti kang Maha Kuwaos
d.    Piwulang golek ilmu kang dhuwur
e.     Piwulang etika, watak kang becik lan watak kang ala
2.     Gathekna pethilan tembang ing ngisor iki.
      Mingkar-mingkuring angkara
      Akarana karenan mardi siwi
      Sinawung resmining kidung
      Sinuba sinukarta
      Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
      Kang tumrap ing tanah Jawa
      Agama ageming aji
            Tegese gatra “ Agama ageming aji” yaiku….
a.     Ora gelem diarani bodho
b.    Dipaes supaya katon endah 
c.     Agama kuwi pakaian kang utama               
d.    Njaluk dialembana saben dina
e.     Wong pinter kang waspada ngalah
3.     Serat Wedhatama dumadi saka telung wanda, salah sijine serat kang tegese....
a.     Nulis
b.    Berita
c.     Kawruh
d.    Tulisan
e.     Kertas
4.     Tembang pangkur kuwi duweni watak...
a.     Bener kabeh
b.    Gagah
c.     Galak.
d.    Nesu
e.     Sereng
5.     Watak nesu ing tembang pangkur trep kanggo
a.     Nyritakake rasa gregetan
b.    Ngandharake apa wae
c.     Wiwitan perang
d.    Ngandhut rasa seneng
e.     Crita kang laras
6.     Wedharan tembang pangkur yaiku ….
a.     Saka tembung jumbuh/sarujuk kang ateges yen wis jumbuh/sarujuk banjur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya isa urip bebrayan
b.    Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha-padha
c.     Saka tembung megat ruh utawa pegat rohe/nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwaos
d.    Yen wis dadi Iayon/mayit banjur dibungkus mon putih utawa dipocong sak durunge dikubur
e.     Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwe sisihan/bojo, duwe anak, urip cukup kanggo sakulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah/bombong atine, bisa diarani lagu ndhandhanggula
7.    Wiwit cilik dening wong tuwa aku dikulinakake supaya tumindak jujur marang bab apa bae. Ngendikane wong tuwaku iku mau pranyatane bener, amarga aku bisa nyambut gawe lan dipercaya dening pimpinanku amarga sipat jujurku.
      Kaanan iki menawa digawe parikan kepriye?
a.     Kembang mlathi, warna peni nggandha wangi
Watak putri kudu titi ngati-ati
b.    Gudeg mangar, bumbune mrica ketumbar
Lamun sabar, bisa lejar bingar
c.     Plesir sore, jungkate putih
Ngesir kowe ora tau mulih
d.    Kembang kencur, tinandur ing tepining sumur
Sapa jujur, bakal luhur klawan makmur
e.     Esuk nakir sore nakir, sing ditakir godhong plasa
Esuk mikir sore mikir, sing dipikir ora rumangsa
8.     Noni bocahe ora tau mlebu sekolah, mula nalika ulangan ora iso nggarap mung ngembang duren.
Wangsalan ing dhuwur batangane….
a.     Drenges
b.    Besengut
c.     Tuntut
d.    Gremeng
e.     Dlongop
9.     Gathekna pethilan tembang ing ngisor iki.
Mingkar-mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji
 Tegese gatra sinuba sinukarta yaiku….
a.     Ora gelem diarani bodho
b.    Adoh saka kasunyatan
c.     Dipaes supaya katon endah
d.    Njaluk dialembana saben dina
e.     Wong pinter kang waspada ngalah
10.     Surasane pupuh pangkur pada sepuluh ing Serat Wedhatama yaiku….
Marma ing sabisa-bisa,
            Babasane muriha tyas basuki,
            Puruitaa kang patut,
            Lan traping angganira,
            Ana uga angger ugering kaprabun,
            Abon aboning panembah,
            Kang kambah ing siang ratri.
a.     Tumindak kang becik
b.    Kabeh manungsa bakale bali menyang Gusti
c.     Golek ngelmu kudu sabar
d.    Seneng tetulung
e.     Wong kang cepet oleh ngelmu
11.     Tembung pangkur kuwi duweni watak….
a.     Grapyak
b.    Rasa sedhih
c.     Sumanak
d.    Sereng
e.     Trenyuh
12.     Saka paugeran 8a, 10i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i bisa dimangerteni guru gatrane tembang kuwi yaikugatra.
a.     6
b.    7
c.     8
d.    9
e.     10

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PRANATACARA

Unggah-Ungguh lan Undha Usuk Basa Jawa

PAWARTA